Sabtu, 18 Desember 2010

SEJARAH KOTA KUDUS ..FULL VERSION..


Adegipun Mesjid Kudus BAB I
Wontenipun dusun krapyak
Bareng, cendana, sendang bulusan
Tuwin patilasan sanes-sanesipun ing wilayah Kudus

Cariyas Gancaran


Cariyos menika kedadosan ing abad sekawan welas, sak sampunipun negari majapahit pecah, nailiko tahun 1400. kraton samun kapindah ing negari demak bintara. Ingkang jumeneng narindra Kanjeng Sultan Akbar Al Fatah, yihbun ningrat panetep pranatagama kalifatalah ingkang kaping pepisan. (R. Patah).
Cariyas menika dipun purwakani, wantanipun perampokan ing gedong pusaka Demak Bintara.
1.     Kacariyas ing Negari Demak Bintara, ing pinuju patunggaling latri, swasana Kita Demak Bintara ingkang sepi nanging tentrem, dumadakan, para kawulanipun rutin para abdi-abdi pungguk kemit dipun kagetaken dening swanten rame mawarahan, ingkang binarung ungeling kentong titir ingkang umyung rame banget swantenipun. Swanten rame wau, dipun tuwuhaken dening rampok, ingkang badi ngrampok gedong pusaka ing Demak Bintara. Rampok-rampok mau kadenangandening para abdi Tungguk kemnit, ngantos dados perag campuh, ayak-ayakan. Rame sanget, sangKing rampok-rampok waukakepung saha kapojok, dumadakan, tetungguling rampok wau namakaken pusakanipun ingkang arupi pecut, swantenipun jumedok anggegirisi, sesarengan kaliyan ungeling swanten swanten jumedok kala wau, rampok-rampok saged lolos saKing pakepungan lajeng musna tanpa lari. Raden Gondokesumo pinkang nalika demanten anindihi abdi-abdi tunggak kemit, gumun saha kagum dumateng kalimpadanipun rampok-rampok wau. Saha kagum dateng ampuhing pusakanipun rampok Gedong pusaka enggal-enggal dipun titi priksa. Rahayunipun rampok-rampok wau dereng saged mlebet ing gedong pusaka, saha saged nyidra pusaka-pusaka, sadoyo taksih pinanggih wetah, mboten wonten barag ingkang ical saha owah saKing papan panggenipun. Kedadosan wau tumunten dados lapukan dumateng ngarsa dalem kanjeng Sultan Akbar Alfatah.
2.     R. Gondokesumo sowan mirunggan dateng ngarsanipun Kanjeng Sultan Akbar Alfatah, wonten ing pidaleman Agung pingkang kalapaken kaliyan Ki Patih Wonosalam, sowanipun wau namung nglapuraken bab kedadosan perampokan ing gedong pusaka ing Demak Bintara ingkang nyolowadi. Sadoyo kadadosan dipun cariyosaken, wiwitan ngantos pungkasan. Kanjeng Sultan Akbar Alfatah sanget gumun saha tuwuh raos pitakenan ingkang menika warni-warni. Ki Patih Wonosalam ngunjukaken pamanggih ingkang wonten sesambunganipun kaliyan perampokan kala wau. Aturipun bilih rampok-rampok wau saKing negari Kudus, ingkang dipuntindaken dening Sunan Ja’far Sodiq (Sunan Kudus). Dasaripun pandakwa ingkang sepisan, pusakanipun tetungguling rampok ingkang arupi pecut wau, naminipun pusaka Cemeti Guntur Lawe, inggih pecut panglima, pusaka wau kagunganipun Sunan Kudus. Ki Patih Wonosalam mangertos kanti ceta awit nalika Sunan Kudus madeg Senopati ngribat nagari Mojopait, Ki Wonosalam nalika demanten dados prajurit andahanipun Sunan Kudus. Nalika pemanten Senopati Sunan Ja’far Sodiq ngagem pusaka katong gondil Ontokusumo, kagunganipun Sunan Kadilangu, saha ngasto pusaka Cemeti Guntur Lawe, ingkang kasebat pcut panglima. Dasar ingkang kalih, Sunan Kudus melikaken pusaka Mojopati arupi gongsa, nami Bende Sekar Alima. Cemetinipun kados makaten. Saksampunipun negari Mojopait pecah, sadoyo boyongan arupi menopokemawon, kedahipun dipun powanaken ing negari Demak Bintara, nanging Sunan Kudus melikaken pusaka Bende Sekar Dlima, mboten dipun sowanaken ing Demak Bintara malah dipun eleh naminipun bende Macan Guguk utawi bende Kyai Sima. Amrih mboten kadengan poro noro projo saKing Demak Bintara utawi kapriksan Kenjang Sultan Akbar Alfatah. Inggih kanti dasar-dasar menika Sunan Kudus kadakwa ingkang mandegani perampokan in gedong pusaka demak Bintara.
Kejawi menika Sunan Said Kusumastuting Mukya ugi kengen dakwa ingkang dasaripun, Sunan Murya melikaken pusaka Mojopait ingkang nami Koluk Kanigara, kados dene Sunan Kudus. Kanjeng Sultan Akbar Alfatah lajeng utusan Ki Patih Wonosalam nyilidiKi Sunan Kudus. R. Gondokesumo ingkang dipun utus nylidiKi Sunan Murya.
3.      Ing Dusun Gribig
Ki Ageng Gribig kagungan putra dampit, ingkang dipun wastani putra dampit menika putra ingkang lahiripun pareng kembar, jaler kaliyan istri. Putra wau dipun namakaken Joko Cendono tuwin cendono.
Ing pinuju satunggaling dinten Ki Ageng Gribig kedatengan tamu Ki Ageng Gulang kaliyan anaKipun jaler Joko Kemat utawi Joko Santri (pramilo katelah Joko Santri, awit karemanipun mondok dados santri ing pundi-pundi pondok pesantren). Datengipun Ki Ageng Gulang wau nglamar Cendani bade dipun daupaken kaliyan Joko Kemat. Ki Ageng Gribig setuju nanging penglamaripun wau dereng saged dipun tampi awit Ki Ageng Gribig nalika pemanteng taksih anggadahi jejibahan ingkang dereng saged dipun rampungaken. Jejibahanipun Ki Ageng Gribig wau nalika pemanten nembe dipun utus Sunan Kudus madosi Pusaka Kudus ingkang kacidra maling, pusaka wau nemi Cemeti Guntur Lawe.
Ki Ageng Gulang sagoh tumut ngrencangi madosi. Pamanggihipun Ki Ageng Gulang bak manawi ingkang nyidra pusaka wau Sunan Murya, dasaripun, nalika pemanten Sunan Kudus nembe memengsahan kaliyan Sunan Murya. Pramilo menika Ki Ageng kekalihipun sami dateng keSunanan Murya pengadi suwito dados muri Murya, wondene Joko Kemat ing sakwatawis weksal katilar ing dusun Gribig.
4.     Ing saklebetipun Joko Kemat ing dusun Gribig, Joko kemat manggihi cendani, perlunipun Joko kemat kepingin mirengaken piyambak dateng wangsulanipun candani anggenipun dipun lamar purun nopo mboten dados bojonipun. Wangsulanipun cendani kados ngendikanipun bapaKipun, mboten bade kawratan dados bojonipun Joko kemat, kanti pusaka Kudus wau sampun pinanggih. Nembe eca-eca pepanggihan mekaten wau dumadakan kesaru datengipun kakangipun Joko cendana.
Joko cendana mboten remen sumerep adinipun pepanggihan kaliyan lare jaler. Joko kemat diwastani tumindak ingkang nerak ing angger ugering kasusilan. Nanging Joko kemat wangsulanipun bilih bapaKipun pam pun nglamar dateng cendani. Joko cendana mboten purun nampi dateng ketranganipun kemat wau, malah kemat dipun ujar-ujari bebasan entek amek kurang golek.
Dangu-dangu dados sulaya, ngantos gelutipun. Ingkang kawon Joko kemat lajeng mlajeng sumusul bapak ipun dateng Murya. Candani manggihi embaKipun, madulaken bab tumindaKipun cendana. EmbaKipun manggihi cendana, anaKipun dipu tuturi bilih bapaKipun pompun setuju dateng penglamaripun Ki Ageng gulang. Nanging cendana mboten ngrewes dateng tuturipun embahipun, malah aturipun bilih cendani bade dipun pendet bojo peyambak. Dasaripun manuting pangertosanipun bilih ecnadni menika sampun dipun jodohakenm dening gusti ingkang maha kuasa, wiwit wonten ing kandutan (ing wetengan). Cendani temtu kemawon mboten purun, lan embahipun ugi mboten marengaken. Cendana di wastani mboten lumrah. Awit menika adeKipun piyambak. Nanging cendana nekad, cendani di rodo peksa. Embahipun kapurih nayogyani ngantos dipun ajar lan embahipun dipun pejahi. Cendani mlajeng sumusul bapaKipun dateng Murya.
5.      Wonten KaSunanan Murya
Nalika pemanten Ki Ageng gribig tuwin ki ageng gulang, sampun nglamar dados siswo ing Murya. Perlu nylidiki menopo estu semahu Murya ingkang nyidra pusaka Kudus ingkang ical. Nanging mboten pikantuk sisik melik. Dumadakan kesaru rawuhipun R. Gondokesumo ngandikanipun dateng Sunan Murya bilih Sunan Murya kedah saged manggihaken sisik melik, bab wontenipun rampok ingkang kedadosan ing gedong pusaka Demak Bintara. Sadaya kedadosipun di cariyasaken sadoyo. R. Gondokesumo ugi mancing-mancing negndikaken bab dasar-dasar pandakwanipun ki patih wonosalam dateng Sunan Kudus. Nanging Sunan Murya mboten saged ngleaken dateng ki patih wonosalam, awit dasaripun mboten wonten buktinipun ingkang gumatok. Namung Sunan Murya nyagohi badi tumut madosi rampok-rampok wau. Dereng ngantos rampung anggenipun sami pengandikan dumadakan Joko kemat dateng, wadul dateng bapakipun bab anngenipun kerengan kaliyan cendana. Mboten dangu cendani ugi dateng matur dateng bapakipun bilih embahipun pejah, dipun pejahi kakangipun cendana. Sadoyo ingkang kedadosan dipun aturaken. Ki ageng kekalih wau lajeng nyuwun pamit, bade manggehi cendana. R. Gondokesumo ugi nyuwun pamit, ngandikanipun bade tindak kadilangu sowan Sunan Kalijogo, nyuwun tulung supados tumut ngrencangi pados sisik melik.
Ing sarehning Joko kemat rumiyen ugi sandtri kadilangu pramilo R. Gondokesumo mundut supados Joko kemat purun nderekaken dateng kadilangu. Joko kemat ugi purun awet piyambakipun ugi badi nyuwun supados kaleksanan anggenipun bade mundut bojo cendani. Sumanten sami bidalan.
6.      Ing Dusun Bate Alit
Kacariyos ing dusun batealit tumut wilayah Jepara wonten gerombolan rampok ingkang dipun sesepuhi benggol Singojoyo naminipun. Benggol Singojoyo menika pejato sipun nalika negari Mojopait taksih jaya, dereng pecah, benggol Singojoyo wau abdi dalem kraton Mojopait naminipun Ki Dalang Becak. Sak sampunipun negari Mojopait kabedah para ngulama saking Demak, sang prabu Brawijaya Kerta Bumi linggar saking negari. Ki dalang becak madosi sang prabu. Kejawi saking menika, ki dalang becak ugi kepingin males dateng para ngulama ngrungsan negari Demak Bintara.
Ing sarehning dereng anggadahi kekiyatan, pramila lajeng damel grombolan rampok sesilih benggol Singojoyo, do dunung ing dusun Bate Alit. Sak derengipun kaleksanan sediyanipun ngrangsang negari Demak Bintara, benggol Singojoyo nyolongi pusaka-pusaka nipun para ngulama, ingkang dados kekiyatanipun negari Demak bintara kados to ing Kudus utawi ing Murya. Benggol Singojoyo sampun pasekuton kaliyan Joko cendana, ingkang ngantos pampun saged nyolong pusaka Kudus, inggih pusaka Ceeti Guntur Lawe. Nalika semanten ugi sampun nate wanten ngrampok gedong pusaka Demak nanging gagal awit kademangan prajurit demak ingkang di pun tindihi R. Gondokesumo. Kados ingkang kacariyos ing ngajeng awit saking pusaka Cemeti Guntur Lawe, singojoyo luwin cendana sak konco rowangipun saged lolos saking kepunganipun prajurit demak, lajeng ingkang kadakwa saking negari Demak Sunan Kudus.
Nalika semanten wancinipun dalu, Joko cendana nembe pepanggihan kaliyan benggol singojoyo, ingkang dipun rembag bab anggenipun kepengen mendet bojo adinipun piyambakipun cendani. Benggol singojoyo sagah, saha tanggel jawab, bade budidaya sagedipun kaleksanan kanti janji cendana kedah manut miturut dateng prentahipun. Dumadakan wonten laporan bilih bate alit kadumugen tiyang ingkang nyalowadi lan sanget nyamaraken. Joko cendana mangertos bilih tiyang wau pejatosipun bapakipun piyambak. Pramilo lajeng enggal-enggal dipun panggehi. Sak sampunipun pinanggih, cendana kanti tanpa tedeng aling-aling walaka nyuwun supados cendani dipun parengaken. Temtu kemawon ki ageng kekalih wau mboten marengaken, temahan dados pasulayan, perang ngadu kekiyatan. Ki ageng kekalih wau karoban mengsah dipun kroyok lajeng keapikul deing benggol singojoyo, lajeng dipun bondo dipun ajar, dipun peksa supados purun nimangkanipun cendana. Ki ageng gribig ngendika bilih cendani sak menika sampun kasengkek kaliyan Sunan Murya. Mireng katrangan makaten wau cendana lajeng nglabrak Sunan Murya bade dipun pejahi menawi cendani mbiten dipun parengaken. Benggol singojoyo sumerep tindakipun cendana wau remen sanget, awit menwai kaleksanan cendana saged mejahi Sunan Murya, ateges saged ngirangi kekiyataning mengsahipun, pramila lajeng dipun dombani.
Saestu Joko cendana kaleksanan kanti dedemitan tanpa dipun sumerepi, murid-murid ing Murya, saged mlebet ing papan patunggonipun Sunan Murya. Ing mriku pinanggih Sunan Murya nembe sare. Menggahipun Joko cendana kaleres sanget, Sunan Murya bade dipun prajoyo. Nanging dereng kemawon kaleksanan sedyanipun dumdakan wonten gara-gara angin ribut. Joko cenana kesamber bledeg mencelat tebih. Sunan Murya wungu anggenipun sare, lajeng opyaki bilih wonten maling. Murid-murid sami dateng, kalebet cendani ugi sowan. Sunan Murya ngandika bilih wonten maling ing bae nyedra yuswanipun. Maling wau bekto pusaka arupa cemeti. Cendani mangertos, bilih malingipun wau kakangipun, pramila lajeng sumungkem dateng Sunan Murya. Matur bilih malingipun kakangipun cendani nyuwun pangapura dateng kalepatanipun kakngipun wau, lan sagah bade ngemutaken kakangipun. Aturipun melas asih dados Sunan Murya mboten paring pidana dateng kakangipun. Awit najanta kados pundi cendani mboten mentala menwai kakngipun manggih kasangsaran. Sunan Murya bawanipun Sunan ing ambek budi luhur, mangertos menapa ingkang dipun pikajengaken cendani, pramila ngandikanipun mboten bade midana dateg cendana, cendani lajeng nyuwun pamit bade sowan dateng kadilangu, perlu budidoyo dateng tumindak ingkang leres, Sunan Murya nijini cendani lajeng kesah.
Kacariyos cendana ingkang mencelat tebeh, sebab kesamber aji gelap sayuto ajinipun Sunan Murya, dawah ing wongsak jawining kikisipun wilayah kaSunanan Murya. Joko cendana semaput. Rahayunipun benggol singojoyo sumerep lajeng enggal-enggal dipun upakara, ngantos wangsul emut malih Joko cendana nyariyo saken sadayo ingkang dipun tindakaken wiwitan ngantos pungkasan. Benggol singojoyo ingkang sengojo bade migunaken Joko cenana kanggo budidoyo dateng tujuanipun, pramila lajeng atur wawasan. Satunggal-satunggaling lampah Joko cendana amrih saged ngasaraken Sunan Murya, kedah langkung rumiyin saged nyolong pusaka Kotang Gondil Ontokesumo, kagunganipun Sunan kadilangu. Joko cendana ingkang watekipun kendel tu wi asor ing budi, lajeng sagah bade dados maling nyidro pusaka kadilangu.
7.      Wonten ing Kadilangu
R. Gondokesmo tuwin Joko kemat sampun sowan wontenipun kadilangu matur dumateng Sunan kalijaga, bilih sowanipun dapur dados utusanipun kanjeng sultan akbar alfatah, pados sisik melik bab perampokan ing gedong pusaka demak bintara ingkang kados kacariyos ing ngajeng. Wondene Joko kemat matur bab tujuanipun anggenipun kepingin mendet bojo cendani. Sadoyo lelampahanipun dipun cariyosaken dumateng Sunan Kalijogo. Nanging Sunan Kalijogo dereng saged wangsuli utawi minankani dateng panyuwunipun kemat tuwin R. Gondokesumo. Pangandikanipun bilih taksih wonten jejibahan ingkang bade dipun ayahi. Malah Sunan Kalijogo bade tindak nilaraken kaSunanan kadilangu, R. Gondokesmo tuwin Joko kemat dipun punduti tulung supados jagi ing kadilangu.
Dumadakan ing pinuju satunggaling dalu ing kadilangu wonten maling. Ingkang dados malingipun Joko cendana, bade nyolong pusaka Kotang Gondil Ontokesumo. Joko cendana sampun klampahan saged mlebet ing gedong pusaka, madosi ing pundi dumunung ing pusakakatong Gondil Ontokesumo. Dereng kemwaon saged manggihaken dumadakan wonten gara-gara, gater pater swantenipun gegirisi. Maling swanten wau kasusul jumedulipun naga ingkang ageng sanget ngrangsang cendana. Nanging cendana trengginas, kanti manah ingkang teteg lan mantep, madep naga wau dipun tandingi dados gelut. Cendana manahaken pusakanipun cemet, jumedor swantenipun naga wau ical sak nalika, malih dados geni ingkang mangalad-alad. Cendana ngetog sadoyo kekiyatanipun saha kasektenipun, pecutipun dipun seblak-seblak aken gemuruh swantenipun geni ical, malih udan dereng pindo pinusus anging lesus, tatit bledeg nyamber-nyamber. Ewo semanten cendana meksa nekad kanti tatag lan mantep nenggulangi jawoh wau, cemetinipun dipun seblak-seblak aken. Jawoh ical sak nalika, swasana malih padang jenggilang nanging swasana sepi nyenyet, lajeng wonteng trontong-trontong cahaya sumunar mencorong, katong Gondil Ontokesumo katingal gemandul nanging mboten cemantil. Joko cendana kanti ngatos atosnyembah saha nyaketi pusaka wau. Dumadakan wonten macan, gembong jumedul gereng-gereng nubruk cendana dados gelut. Sesarengipun kaliyan kedadosan makaten wau lajeng wonteng angin lesus, gara-gara geter pater lindu, geni ageng sanget mangalad-alad, bleeg nyamber-nyamber kados jebol-jebol aken bawana. Joko cendana bingung anggenipun badi nanggulangi.
Dumadakan wonten swanten gumuruh jok cendana sempoyongan kados tiyang mendem. Sirahipun kraos mumet, Joko cendana bengak-bengok lajeng ambruk, panoniun sumrepet, macan gembong nubruk cendana sesarengan kaliyan mekaten wau, swasana maleh peteng dedet lelimengan. Awalipun kemrasak kados wonten praha. Dangu-dangu saking pakedik swantenipun wau ical swana malih padang, cendana lan macan kotang gandil ugi mboten wonten. Sepi nyenyet mboten wonten sabawanipun walang ngalisik ing gedong pusaka mboten ketingal menopo-menopo ingkang katinal namun pusaka-pusaka pating slebar, blasak ing jaganipun mboten dangu Joko kemat dateng sumerep kawontenan makaten wau, kaget sanget lajeng niti priksa gedong pusaka dipun teliti. Dereng kemawon pikantuk titikan menapa-menapa R. Gondokesumo rawuh pirsa kedadosan wau lajeng pitaken dateng jaka kemat wonten menapa ingkang kedadosan ing gedung pusaka. Joko kemat mboten saged wangsulan, R. Gondokesumo nitipriksa dumakdakan ngertos bilih katong gondil ontokesumo ical.
Ing sarehaning ingkang wonteng ing gedong pusaka wau amung Joko Kemat, pramila Joko kemat ingkang kenging dakwa. Dipun dakwa ingkang nyidra katong gondil. Joko kemat bingung anggenipun bade atur jawaban, patrapipun kadong tiyang bengong. R. Gondokesumo duka yayah sinipu, awit ajreh menawi mangke dipun prajaya. Rahayunipun Joko kemat limpad saged ngacati mlajeng medal saking gedong pusaka.
Kacariyos pun Joko cendana menawi kala wau, dipun cariyosaken kagelut macan ingkang pesarenan kaliyan gara-gara ingkang gegiri ing mriki pinanggih jok cendono, sampun gumletak semaput iring lepen, nanging sampun ngangge katong gondil.
Sunan Kalijogo rawuh pirsa wonten lare semaput lajeng dipun usadani ngantos waluyo. Sak sampuniun Joko cendana waluyo lan emut sumerep menawi sampun ngagem pusaka katong gondil, Joko cendana bingah sanget, rumaos menawi kaleksanman sadiyanipun. Saking remenipun lajeng gumuyu ngakak. Pangudo rasanipun lan sesumbar-sesumbar bilih bade kaleksannan mrajaya Sunan Murya. Ujaripun angambra ambra, mboten mangertos bilih Sunan Kalijogo wonten ing sak wingkingipun. Sareng mangertos bilih wonten Sunan Kalijogo, cendana lajeng drodog badanipun awit saking kagetipun, awet mboten kanyana-nyana bilih padaya tumindakepun wau dipun mangertosi deneng Sunan Kalijogo.
Joko cendana badanipun kraos lemes, kados dipun lolosi otot bayunipun, awit saking keprabawan Sunan Kalijogo. Ing sak lajengipun lajeng sumungkem, matur nyuwun pangsaksani dateng dosa kalepatanipun. Sunan Kalijogo bawanipun wali ingkang wicaksana, saha berbudi bawa laksana, lajeng paring dawuh dumateng Joko cendana supados katong gondil ontokesumo kawangsulaken maleh ing gedong pusaka, mboten ngetosi dawuh ing saklajengipun Joko cendana lajeng sumungkem saha ngestokaken dawuhipun Sunan Kalijogo kesah saking papan wau.
Sak kisahipun cendana, cendani dateng ngrungkepi ampeyanipun Sunan Kalijogo, kaliyan nangis amingseg mingseg, aturipun kenging menapa Sunan Kalijogo teka mboten kersa mundut pusaka katong gondil ontokesumo. Sunan Kalijogo ngandika pramilo kotang gondil mboten kapundut, nanging cendana dipun dawuhi mangsulaken ing papan panggenanipun menika tuhunipun namung kagem panodi dateng bebudenipun cendana. Menwai saestu cendana sampun ngrumaosi lepat lan taksih kepingin rahayu, saha wangsul ing tumindak ingkang leres katong gondil temtu dipun wangsulaken ing gedong pusaka. Nanging cendani sumelang manahipun awit piyambakipun mangertos bilih watakipun kakangipun asar ing budi, culika lan mboten tepung ing kasaenan. Pramilo aturipun cendani nyuwun supados Sunan Kalijogo kersaa nututi kakangipun mundut wangsul katong gondil saking astanipun cenana. Kejawi menika cendani nyuwun dumateng Sunan Kalijogo kados pundi caranipun anggenipun bade ngleresaken tumundakipun kakangipun ingkang lepat wau, ngantos ngertos lan wangsul dateng tumindak ingkang leres, mangertos ing kautemen. Sunan Kalijogo mangertos dateng pikajengipun cendani, pramilo cendani lajeng kakanti kondur dateng padepokan kadilangu.
8.   Wangsul ing bate alit, benggol singojoyo menggihi ki ageng gribig tuwin ki ageng gulang ingkang sampun dados tawananipun dumadakan kesaru datengipun cendana, mameraken menawi sampun pikantuk pusaka katong gondil. Nyata saestu petekanipun cendani menawi cendana watak wantunipun asor ing budi, mboten tepang ing kautamen, katitik najan ta ing ngarsanipun Sunan Kalijogo cendana, mendak-mendak nyuwun pangapuro dateng kalepataniun. Nanging tuhuniun aturipun wau namung lamis. Kasunyatanipun katong gondil mboten dipun wangsulaken malah kabekta dateng bate alit.
Bapakipun dipun rodopeksa kapurih maringaken adinipun cendani. Nanging bapakipun puguh mboten marengaken. Cendana jengkel sanget, bapaipun dipun ajar. Sesumbaripun ngambra sadoyo ingkang mepalangi pikanjengipun bade dipun pejahi. Pangajaripun bapakipun dipun nemeni, malah bade dipun prajaya, nanging dereng kemawon kaleksanan dumadakan wonteng krikil nyamber tanganipun ngantos gaman ingkang bade kang mrajaya wau mencelat dawuh ing siti. Cendana kaget sak naliko mangertos bilih wonteng tiyang ingkang tetulung. Jelela tiyang wau tiyang sakti, katitik dateng krikil kemawon saged nguwalake gamanaipun. Makaten wau cendana nesu sanget, tiyangipun dipun sumbari dipun bengoki, kapurih muncula, medal saking pandelikanipun, sampun kados patrapipun pengecut. Katah-katah panantangipun nanging tiyang wau meksa mboten purun ngatingal. Benggol singojoyo ingkang sampun katah pengalamanipun, pramilo lajeng mancing-mancing amrih tiyang wau purun medal. Patrapipun benggol singojoyo ngunus golokepun. Ki ageng gribig di ancam bade dipun prajaya. Saestu sareng golok bade dawuh ing gulunipun ki ageng gribig, sak naliko tiyang sakti wau katingal nyerang singojoyo, ngantos ki ageng gribig wilujeng mboten esto kataman golok. Tiyang sakti wau ngaku naminipun Sunan kedu. Betahipun tetulung ki ageng kekalihan wau, alasanipun bade wonteng kabetahan ingkang wiga. Wicanten mekaten wau lajeng klebat oncat sakedep netra kemawon sampun musna kaliyan bekta ki ageng kekalih.
Cendana ing saklebeting batinipun kageum dateng kasektenipun tiyang wau. Mboten dangu wonten datengipun andahanipun nglapuraken bilih ing dusun bate alit sampun kakepung ing mengsah. Saking sisih kidul wetan wonten barisanipun santri-santri Kudus. Ingkang saking lor wetan barisanipun santri rahtawu ingkang tinindhihan Sunan Murya kaliyan R. Gondokesumo. Benggol singojyo lajeng andumi damel, Sunan Murya bade dipun tandangi piyambak. Sunan Kudus dipun pasrahaken. benggol singojoyo tumunten sami sewang-sewangan.
Kacariyos benggol singojoyo sampun adep-adepan kaliyan Sunan Kudus. Ing ngeku Sunan Kudus mboten mbtane pangling dateng mengsahipun lan naliko perang ing mojopait. Campuhing perang benggol singojoyo, ulahipun ulah mlayu. Patrapipun menawi kaseser, barisanipun dipun unduraken. Nanging munduripun wau nglimpe menawi wonteng lenanipun mengsahipun. Makaten wau barisanipun santri-santri Kudus nemahi. Pangorbanan ingkang katah. Sunan Kudus nesu sanget barisanipun dipun kiyati bujung benggol singojoyo ingkang olah mlayu. Benggol singojoyo ndelik ing pekarangan ingkang katah tetanduranipun wit suruh. Sunan Kudus mboten ngertos, kanti mboten kanyana nyana, benggol singojoyo nyerang saking wingking barisanipun Sunan Kudus kocar kacir pateng blesar sami mlajeng.
Ing papan mriku diun namakaken dusun pasuruhan (dununganipun ing kidul Kudus kulon, pinggir kali gelis ingkang mili mangilen bade anjog ing kali serang). Wancinipun sampun dalu, Sunan Kudus ngempalaken santri-santri nipun malih lan nyipeng ngiras ngaso. Papan wau dados dusun Nenep (ing sak caketipun dusun damaran). Benggol singojoyo siasatipun menawi sak menika dipun wastani siasat gerilya. Ing saklebetipun barisanipun Sunan Kudus nembe ngaso, nginep wau dumadakan dipun perang malih dening benggol singo joyo ngantos mahani pecah belah. Sebagian mlajeng mangetan bebagiyan malih nderek Sunan Kudusa mengalek parugipun. Sak menika sumangga mangsuli lelampahanipun ki ageng gribig. Sak sampunipun ke ageng gribig tuwin ki ageng gulang tinulungan Sunan kedu. Lajeng sami rerembagan ngawontenaken pepatangan. Sak derengipun sumonggo sami dipun kawungningani, sinten sejatosanipun Sunan kedu wau.
Sunan kedu menika sejatosipun bupati citra bangsa saking wonosobo. Menika salah satunggaling kawula ingkang petiya kaliyan negari Mojopait. Sedyanipun citra bangsa wau ugi kepingin mangsulaken kejayaanipun negari mojopait malih. Dateng ing negari Kudus bade ngupadi sumber panguripan wontenipun dipun upadi, manuting kapitayanipun tiyang-tiyang katah. Bilih sumber penguripan menika toyanipun kenging kange gesangaken tiyang ingkang sampun pejah. Pramilo citra bangsa gandeng kaliyan tujuanipun wau sanget kepingin menggihaken dumunungrpun sumber penguripan, kanti nylamur lampah ngaken Sunan kedu.
Pepetanganiun kaliyan ki ageng gribig sak sampunipun dipun wilujengaken Sunan Kudus nyuwun supados di pun tedahaken ing pundu panggenanipun. Nanging ki ageng gribig mboten mangertos, awit sejatosipun sumber wau sanget dipun damel wadi dening Sunan Kudus mboten sako tiyang mangertosi dumuningipun. Kangge lirunipun ki ageng gribigh anggenipun mboten saged nedahaken sumber wau. Sunan kedu dipun aturi bumi dusun gribig sak sigar pemong (sepalihipun dusun). Ing sak lajengipun Sunan kedu rehning ugi sampun mangertos bilih Sunan Kudus nembe kaseser juritipun, pramilo lajeng dipun upadi. Gampiling cariyos Sunan Kudus sampun pinanggih. Sunan kedu lajeng tetapangan kaliyan Sunan Kudus saha nyuwun dipun tedahaken ing pundi dumuningipun sumber penguripan. Alasanipun menawi kanggo usado, ngusadani para kawulanipun ingkang nembe ketamon pagebluk. Sunan Kudus menika Sunan ingkang pinter waskita saha wasis, pramilo najan ta Sunan kedu wau datengipun ing Kudus kagungan raos sujana. Awit kejawi nembe sak menika tepangipun saha nembe menika mireng menawi ing kedu wonten Sunanipun. Pramilo saking menika Sunan Kudus lajeng ngandika, mboten bade kawratan minangkani pamundutipun Sunan kedu, nanging menawi Sunan kedu saged ngangket benggol singojoyo. Makaten wau dipun sugahi dening Sunan kedu lajeng pamit melukaken benggol singojoyo.
Gampiling cariyos Sunan kedu sampun kapanggih kaliyan benggol singojoyo, ngaken bilih minta srayaniun Sunan Kudus siasat prangipun Sunan kedu. Benggol sngojoyo dipun tantang perang senopati, perangipun perang tanding ijen sami ijen. Benggol singojoyo sagah lan sarujuk lajeng sami miwiti tanding adu kekyatan tuwin kesakten. Nembe sami tetandingan mekaten wau dumadakan ki ageng gribig tuwin ki ageng gulang ingkang sampun dipun wangsit saderengipun dening Sunan kedu ngepung nggropyok benggol singojoyo sak kanca roewanipun. Awit mboten kanyana nyana babar pisan, benggol singojoyo gampil karingkus. Lajeng dipun krapyak (dipinukum dipun beteki dipun pageri kajagi murid-murid Kudus). Ing nriku dados dusun krapkay (ing sak ler ipun dusun jember sak menika).
9.      Wangsul Dateng KaSunanan Kadilangu
Wonten nem-neman siswa kadilangu ngagem asmo Joko sumar wekdal menika dipun cariyosaken Joko sumar nembe gladen ulah bela diri piyambakan (pencak). Tandangipun katingal cukat tuwin trengginas, kados peksi alap-alap nyamber mangsanipun. Sakwatawis anggenipun gegladen lajeng gantos gladi dateng kasektenipun, nyobi dateng aji pamungkasipun wiridan Sunan Kalijogo. Patrapipun wonten selo agengipun pak endasing kebo dipun tempeleng kaliyan tanganipun ingkang sampun kalambakan aji pamungkasipun. Jumedok swantenipun sak nalika watunipun pecah sumjur dados sak walanng-walang. Joko sumar wau kalegan sanget manahipun. Dumadakan wonten tiyang nyaketi, saha ngalembana dateng Joko sumar. Tiyang mboten sanes ki patih dawuh bilih sampun wonten patitahipun Sunan Kalijogo supados Joko sumar puruna dados prajurit demak ingkang bade dipun lurugaken ing Kudus. Joko sumar sagah lajeng nderek ki patih dados prajurit.
Mangsuli nyariyosaken cendana, nalika benggal singojoyo perang kaliyan Sunan Kudus, cendana ugiperang kaliyan Sunan Murya. Perangipun Joko cendana sejatosipun asor. Nanging sareng Sunan Murya abenm ajeng kaliyan Joko cendana perang tanding ijen sami ijen. Dumadakan Sunan Murya kaget awit mangertos bilih Joko cendana ngangge pusaka katong gondil. Sunan Murya lajeng ngabani barisanipun sami mundur, ngidul wetan arahipun. Menapa sebabipun makaten awit Sunan Murya wonten tuwuh raosing pitakenan wonten pesambunganiun menapa cendana kaliyan Sunan Kalijogo, teko pusaka katong gondil di angge dening cendana. Menawi cendana menika tiyangipun Sunan Kalijogo, Sunan Murya bade laporan dateng demak bintara. Amrih ing sak lajengipun kanjeng sultan piyambak ing murba Sunan Kalijogo, pramilo Sunan Murya munduripun wau sedyanipu bade dateng kadilangu.
10.    Ganti Kudus
Sak sampunipun Sunan kedu saged minangkani pamundutuipun Sunan Kudus, mikut benggol singojoyo. Lajeng nagih janjinipun nyuwun dipuntedahaken sumber penguripan. Nanging Sunan Kudus ingkang sampun sujana dateng Sunan kedu ngandikanipun bilih sumber penguripan menika ingkang nguwasani sultan akbar alfatah ing demak bintara. Pramila Sunan kedu dipun aturi nyuwun patitahipun kanjeng sultan rumiyen. Makaten wau lajeng dados padudon rame sanget. Wusananipun kesaru, rawuhipun ki patih wonosalam.
Rawuhipun wau pindaning sultan demak, mundut bandanipun Sunan Kudus, kadakwa ngrampok gedong pusaka demak bintara. Sunan Kudus ingkang lugunipun mboten ngrumaois tumindak, pramila nangkis dateng pandakwan wau, ingkang temahan dados perang. Perangipun dumunung ing pinggiran kali serang ing sisih wetan. Dereng kemawon wonten ingkang kawon saha mimpang dumadakan wonten barisan malih ingkang nrambul perang nyerang barisanipun santri-santri Kudus ngantos santri-santri wau keteteran juretipun. Sunan Kudus lajeng paring pratanda supados peprangan dipun kendelaken rumiyin lan pitaken dateng barisan ingkang nembe dateng. Barisan wau barisanipun cendana, ingkang nyuwun luwaripun benggol singojoyo. Sunan Kudus nyuwun lajeng bingung awit kedah nandingi mengsah kalih jurusan. Nanging reh ning sampun mboten wonten margi sanes, kang ngocati bab wau lajeng Sunan Kudus ngadani perang matuir nempuhaken mengsahipun. Perang campuh tigang golongan prajurit ing mriku dados dusun Tugu Telon.
Barisanipun Sunan Kudus kapeped saha kakepung ing mungsahipun mboten saged lolos. Wancinipun dalu penyerangan mengsah, sangsaya ngangseg. Dumadakan wonten swantenipun asu baung. Mengsah-mengsahipun Sunan Kudus mireng swantenipun asu baung wau, dilalah sami miris, kekes manahipun. Rumaosipun miring swantenipun  macam nggero ingkang katah sanget. Pramila lajeng sam mlajeng mundur salang tunjang, kados dene patrapipun tiyang ingkang kamegelan ajrih kapregok ing bebaya. Sunan Kudus piyambak gumun sumerep kedadosan makaten wau. Lajeng pitaken dateng poro santri-santrinipun, sinteng ingkang bekto asu. Joko kemat matur bilih asu ingkang bau wau asunipun, ulesipun belang yungyang (ules belang telon lanang). Sunan ngakenio bilih baunging asu waukramat, saged mitulungi mirisaken menahipun mengsahi ngantos sami mlajeng. Ing mriku dados Kramat (ilo-ilo menawi ing wanci bade wonten pagebluk, ing dusun kramat wontenasu baung ingkang sanget gegirisi, menika wau asu belang yungyang ingkang bau, paring sasmita). Ing sak lajengipun Sunan Kudus dawuh, supados kondur rumiyin perlu ngaso, tuwin siyasad kekiyatan, kangge ngadepi mengsah-mengsahipun. Awit nalika sewonten mengsah-mengsah wau dereng saged dipun wastani sampun kawon.
11.    Wonten ing Pidaleman Panti Kudus
Sunan Kudus menika kagungan boyongan putri naminipun Ratu Dwarawati. Kacariyos nalika Sunan Kudus dados senopati ing perang Mojopait, Sunan Kudus keparingan triman putri boyonganipun Ratu Dwarawati, rumiyin garwa prameswarinipun prabu brawijaya kertabumi, ingkang maringi kanjeng sultan akbar alfatah, ing demak bintara. Nalika semanten ratu Dwarawati nembe lelenggahan ing pidaleman, dipun adep embanipun nyai mlati ingkang asal usulipun ugi saking negari Mojopait. Tuhunipun ratu dwarawati mboten trisno, kaliyan Sunan Kudus. Pramila panggalihipun susah sanget. Ingkang dipun penggalihaken kados pundi, sagedipun ngoncati saking panti Kudus. Ratu dwarawati lajeng utusan dateng nyai mlati supados ngrawuhaken Sunan kedu, ingkang nalika semanten taksih cumondok ing panti Kudus. Sak sampunipun sampun rawuh Ratu Dwarawati mundut tulung dateng Sunan kedu, kados pundi supados saged oncat saking negari Kudus. Sedyanipun ratu dwarawati bade tindak dateng dusun bakaran (sak menika ing wilayah Juwana). Awit ing mrika wonten abdi dalem ingkang saking mojopait ingkang naminipun Ni Ren Banowati, ingkang sampun manggen bebadra ing dusun bakaran, kanti nami singlon Nyai Sabirah (menika pedanyangan dusun bakaran). Sunan kedu sagah mitulungi ratu Dwarawati dasaripun pancen kasengaja pados adadakan angganipun bade pasulayan laliyan Sunan Kudus, ingkang sampun nyidrani janji. Nanging reh ning Sunan kedu wau namung kaliyan ki ageng gribig tuwin kyai ageng gulang, pramila kangge nanggulangi Sunan Kudus, supados kiyat, lajeng singojoyo dipun luwari saking pekrapyakan, dipun ajak milujengaken ratu dwarawati. Temtu kemawon benggol singojoyo purun awit kejawi pancen mengsahipun suwan Kudus. Ratu dwarawati menika sesembahanipun piyambak nalika taksih dados praweswarinipun sang prabu brawijaya. Medalipun saking panti Kudus kanti dedemitan nglimpekaken ingkang sami tungguk kemit. Lampahipun mangetan. Caranipun ratu dwarawati saha nyai mlati tindakipun ngrumiyini saking katebihan Sunan kedu, ingkang ngawat-ngawati jagi uingkang lajengipun.
Sunan Kudus sampun dumugi ing dalem panti Kudus, wasana wonten lapuran bilih ratu dwarawatirangkad kaliyan Sunan kedu. Sak nalika Sunan Kudus lajeng ngepyakaken santri-santrinipun nututi lan madosi ratu dwarawati. Sunan kedu waspada pepetanganipun maton amrih mboten kapregok kaliyan tiyang-tiyangipun Sunan Kudus. Ratu dwarawati dipun aturi sewang lampah nyidad margi, mangidul purugipun urat lepen. Sareng Sunan kedu kepanggih kaliyan Sunan Kudus sampun mboten sesarengan kaliyan ratu dwarawati, pramila Sunan Kudus bingung bilih bade dakwa menawi Sunan kedu rangkat kaliyan ratu dwarawati. Awit buktinipun mboten wonten. Nanging Sunan kuus lajeng pitaken dateng Sunan kedu menapa sebabipun singojoyo dipun luwari saking krapyakipun. Sunan kedu wangsulanipun, sebabipun dipun luwari awit sumber penguruipan mboten dipun tedahaken. Sunan Kudus kawon mapan, padudosanipun, pramila lajeng genakaken panguwaosipun. Sunan kedu kedal saged ngunduraken ratu dwarawati dasaripun, awit sesarengan kaliyan Sunan kedu kesah saking panti Kudus. Ratu dwarawati ugi linggar saking panti Kudus pramila Sunan kedu rumaos bilih kerenda rendeng ing prakawis, lajeng ing mriku dados Ngrendeng (sak wetanipun pasar kliwon). Makaten wau lajeng dados perang nang pancen nyata Sunan Kudus menika dighdaya. Perangipun ingkang kawon Sunan kedu, mlajeng wangsul mangilen. Sunan kedu dawuh dateng benggol singojoyo, ki ageng gribig tuwin ki ageng gulang supados madosana Joko cendana, lan manunggala dados satunggal. Piyambakipun bade pados tiyang ingkang saged ngadili Sunan Kudus ingkang nyidrani janji, lajeng sami sewang-sewangan lampah.
Gentas nyariyosaken tindakipun Ratu Dwarawati ingkang tindakipun namung kaderekaken nyai mlati, dumugi ing pinggiran kali wancinipun meh surup surya. Kanjeng kandel pediyanipun kepingin wisuh saha pasuryan (raup) ing lepen. Ing saregning wancinipun wanci candikala. Nyai mlati matur supados kanjeng ratu ngatos-atos anggenipun nyemplung dateng lepen. Kanjeng ratu ngandika : mlati, dok kira kali iki ana bebayani, kaline cetek lan iline ora santer. Sareng kanjeng ratu nembe bade nyemplung dumadakan kepleset kajegur ing lepen, lajeng klelep. Nyai mlati mboten wantun nulungii namung bengok-bengok nyuwun tulung dateng tiyang kampung.
Tiyang-tiyang kampung sami dateng, nyai mlati kanti gupuh nyuwun tulung dateng tiyang wau, ngandikanipun : Gelis-gelis tulungana mengko dakopahi. Tiyang-tiyang wau lajeng sami rebutan nulungi awit pamrih dateng opah inglang bade dipun tampi. Ingkang saged nulungi rumiyin tiyang istri sampun sepuh naminipun nuyut Nyiah. Kanjeng ratu dipun upokoro kabekto ing griyanipun. Griyanipun nyai buyut nyiah wau wonten ing ngandapipun wit Ploso, ingkang ageng. Kanjeng ratu dereng emut, dereng waluyo taksih semaput, nyai mlati bingung sanget. Dumadakan Sunan Murya rawuh. Rawuhipun wau mboten dipun sengojo, namung dapur kaleresan sejatosipun Sunan Murya wau bade nunut mampir sembahyang maghrib. Sareng pirsa wonten kedadosan makaten wau, lajeng enggal-enggal atur pitulungan ngantor Ratu Dwarawati emut lan waluya. Kanjeng ratu nelakaken panarimah saha nyariyosaken sadoya lelampahanipun. Sapan ing mriku dipun namakaken dusun Ploso (griyanipun buyut nyiah ing ngandap wit ploso). buyut nyiah nagih janji nyuwun opah, awit piyambakipun ingkang gelis piyambak nulungi kanjeng ratu. Sak sampuniun dipun opahi kali wau dipun namakaken kali Geli (ngantos sapriki kali gelis mboten campahi diun sumbari sak bebayan).
Kanjeng Ratu Dwarawati kaliyan Sunan Murya ing dalu wau dereng saged nglanjengaken lampahipun sami nyare ing ploso. dateng gryanipun nyai buyut nyiah. Ratu Dwarawati tuwin Sunan Murya menika ugi manungsa lumrah, kados dene lumrah-lumrahipun tiyang-tiyang katah menika. Pramila saklebetipun sedalu Ratu Dwarawati ingkang sampun dangu rumaos kasepen(kesepian bhs. Indonesia) lajeng tuwuh raos pepnginan andonsih kaliyan Sunan Murya (mengisi kesepian). Dasaripun pancen Sunan Murya menika pekiking warni, pideksa, gagah tur prakoso. Gagasanipun kanjeng ratu iba nikmatipun menawi sedyanipun saged kaleksanan. Pramila ingsak lebetipunsepining dalu kanjeng ratu tansah amikat-mikat Sunan Murya, supados kersa minangkani sedyanipun nampi sih katrisnanipun. Sunan Murya piyambak inggih kados mekaten, penggalihipun wiwit naliko mitulung Ratu dwarawati penggalihipun sampun kraos goreh awit saking kaderenging napsu birahinipun. Pramila patrapipun Ratu dwarawati ingkang tansah amikat-amikat wau, lajeng dipun tanggapi, trus dadi (sami lah po, lah po istilah tiyang Kudus). Sedalu menika kanjeng ratu rumaos marem sanget anggenipun nampi leladining asmoro, saking Sunan Murya. Kagem pratanda agenging panarimahipun kanjeng ratu ngaturaken pusakanipun ingkang arui ageman dumateng Sunan Murya, inggih menika pusaka Cinde dompyong, kroneng gembolo geni saha sabuk tali wangke (sadoyo menika wau agemanipun saking negari Mojopait).
Dumadakan kesaru rawuhipun Sunan Kudus, gropyak ing papan panggonan wau. Sunan Murya saged lolos ngoncati, nanging kanjeng ratu kapikat (ketangkep basah). Sunan Kudus duka sanget dateng Ratu dwarawati. Sinteng tiyangipun mboten duka, Ratu dwarawati menika sampun dangu dipun sengkir, pepisan kemawon dereng nate atur leladi babar pisan, dumadakan wonten kedadosan ingkang makaten. Ingkang dipun dukani mboten namung Ratu dwarawati tuwin nyai mlati kemawon, nanging nyai buyut nyiah ugi tampi duka.
Dipun ujar-ujari jatah-katah awit ingkang dados lelantaranipun. Sabdanipun Sunan Kudus, benjang ing dusun ploso katah tiyang tuna susila (nyatanipun ngantos sapriki ing ploso, katah tiyangipun tuna susila, ing ngajeng kuburan ploso), plajengipun Sunan Murya mengetan dipun bujung Sunan Kudus. Sunan Murya kapapag barisanipun Joko cendana, dados perang malih, Joko cendana sampung manunggal kaliyan benggol singojoyo, ki ageng gribig tuwin ki ageng gulang. Perangipun ing ireng-irenging puntuk, sanggenipun sami perang menika dipun pirsani ki patih wonosalam, tuwin Sunan Kudus ugi pirsa saking katebihan. Ki patih wonosalam utawi Sunan Kudus sami anggadahi pananggih ingkang jumbuh, mboten age-age mrambul tumut perang nanging sami ngentosi pundi ing antawisipun ingkang kawon bade kapikat ingkang mumpung dipun tandangi. Pramila lajeng namung dipun tengga ngantos wonten kerampunganiun Sunan Murya tanding kaliyan Joko cendana, benggol singojoyo kaliyan r. Gondokesumo silih ungkih, gebag ginebag, tendang tinendang, rame sanget. Wusananipun Sunan Murya saged katangkis dateng Sunan Murya, lajeng nrambul cendana. Benggol singojoyo sumerep kados makaten wau lajeng ugi nrambul mitulungi cendana, temahan dados gelut kuwel tiyang sekawan ruket. Joko sumar ingkang sampun dados prajurit demak sumurup makaten wau, lajeng sekawan-sekawanipun pisan di pun terjang wantun. Ingkang sami gelut ruket wau dados bubar bareng sami mlajeng mangilen. Joko sumar bujung cendana Sunan Murya tuwin R. Gondokesumo mboten katingal pesarengan plajengipun. Ing mriku dipun namekaken dusun Bareng (pikantuk dening, bubar bareng ing ereng-ereng). Sunan Murya katelah buyut tingal (awitan mboten katingal sesarengan kaliyan r. Gondokesumo). Plajengipun cendana tuwin benggol singojoyo kaliyan ki ageng kekalihipun sampun tebih sadoyo wau sami kasatan, kraos kedah ngombe ing mangka mboten wonmten sumber, mboten wonten kali. Sak naliko dados sendang royanipun bening sanget. Dumadakan cendana sumerep bilih jaka sumar nututi, pramila lajeng mlajeng mangilen. Benggol singojoyo tuwin ki ageng kekalihipun sami umpetan. Anggenipun umpetan singojoyo ing nglebet sendang ing ngandaping wit gayam.
Dumadakan Sunan Bonan langkung dipun derekaken Sunan kedu, ingkang sedyanipun bade misah ingkang sami perang. Sunan Bonan mireng wonten swanten klubak klubuk ing pendang. Lajeng dipun sapa, nanging wangsul. Wangsul panyapanipun Sunan Bonan mboten wangsulanipun. Pramila lajeng kasabda dening Sunan Bonan = klubak klubuk ana ing banyu, kaya bulus = saknalika awit saking sabdanipun benggol singojoyo dados bulus, ing ngandapa wit gayam kagubil ayad “ ki ageng gribig tuwin ki ageng gulang sumerep kedadosan makaten wau lajeng medal saking pandelikanipun seumungkem ing ngarsanipun Sunan Bonan. Nyuwun pangaksami dateng kelepatanipun benggol singojoyo, nanging sampun kebacut, mboten saget malih dadfos manungso malih” namung Sunan Bonan lajeng ngilikaken toyanipun supados bulus wau mboten pejah kagubel ing oyod wit gayam. Lepen wau dinamakaken kali bulusan (ing wetan dusun ngembalrejo pendak ing sasi syawal dipun rame-rameaken).
Nglajengaken cendana tuwin Joko sumar anggenipun sami oyak-oyakan, mlajengipun cendana sipat kuping. Joko sumar mboten kiyat nututi, lajeng nyawataken pusakanipun arupi cis. Cendana kengen cis, sak nalika dawah tatunipun awrat sanget, sambat-sambat nyuwun tulung. Joko sumar sumerep mengsahipun makaten wau kaget sanget, lan katingal gela sanget rumaos getun lan kedewung, anggenipun ngantos namani cis dateng mengsahipun. Cendana lajeng dipun rangkul dipun tangisi, cendana gumun sanget dateng patrapipun mengsahipun wau. Pramila lajeng pitaken, menapa sebabipun kok mboten purun mejahi, malah nangisi. Joko sumar waulajeng nglukari destaripun, malih cendani. Kekalihipun lajeng sami rerangkulan tangis-tangisan. Ingkang dipun pikajengaken cendani pejatosipun mboten bade mrajaya kakangipun, namung bade ngemutaken, supados kakangipun emut, lan ngertos dateng kalepatanipun lajeng tumindak ingkang leres. Wasana katrucut ngantos kenging pusaka cis, pusakanipun Sunan Kalijogo dipun ampil kangge sipat piyandel anggenipun dados prajurit. Joko cendana sampun mboten saget tinulungan malih, ujaripun ingkang pungkasan “menawi piyambakipun lahiripun dampit, sareng kaliyan adinipun pramila kedah ugi pejahipun sareng”, adinipun dipun cakat gurungipun lajeng pejah sampyuh. Sadaya sami dateng ing mriku. Ki ageng gribig tuwin Joko kemat lajeng nubruk dateng ingkang sampun pejah, ing mriku dados dusun cendana. Sunan kedu lajeng munduti pusaka-pusaka kados ta cemeti guntur lawe, kotang gondil, tuwin cis, lajeng kabekto mlayu. Ujaripun pusaka wau mboten bade dipun wangsulaken, bilih mboten dipun tedahaken panggenipun sumber panguripan. Sunan Kudus lajengh nututi bujung, sadoyo sami sak biyantu ngoyak Sunan kedu.



Adegipun Mesjid Kudus : Bab II
Wontenipun petilasan-petilasan dusun colo
Barongan, ngantenan bunuk gong
Lahiripun Joko :

Panti Kudus
1)            Nyai mlati nembe wonten ing patunggonipun piyambagan. Wancinipun sampun dalu, nanging nyai mlati dereng saged tilem najan ta sampun mapan tilem ing patilemanipun, nanging mripatipun dipun erem eremaken mboten purun merem. Hawanipun panasa, sumuk badanipun prungsang, manahipun mboten jenjem kados wonten alamat ingkang mboten sae. Mboten dangu dumadakan Sunan ja’ffar sodiq rawuh, pramila lajeng enggal dipun acarani lenggah. Saha nyuwun pirsa, menapa ingkang bade dipun kersakaken. Sunan Kudus semunipun awrat tur alot sanget anggenipun bade ngandika. Nanging dangu-dangu lajeng ngandika bilih kersanipun kepingin mundut selir nyai mlati. Dasaripun bilih mboten trisna kaliyan ratu dwarawati, awit sampun karumiyinan Sunan Murya, nalika wonten ini dusun ploso.
Pinda sinamber gelap tuna, nyai mlati mireng pangandikanipun Sunan Kudus wau awit mboten kanyana nyata babar pisan. Kanti ajrih nyai mlati matur bilih mboten saged minangkani pamundutipun Sunan Kudus. Dasaripun ajrih kaliyan ratu dwarawati. Sunan Kudus pambujukipun maneka warni pareng janji-janji ingkang muluk-muluk. Dipun ngangkrum, dipun gandrungi, meksa nyai mlati mboten purun. Lajeng dipun rodo peksa, nyai mlati bangga. Dumadakan Sunan Kudus mireng sabawanipun ratu dwarawati, bade dateng, pramila lajeng mlajeng medal. Saestu ratu dwarawati rawuh, nyai mlati ajrih sanget, kwantos bilih menawi kadangu. Lanjeng kados pundi anggenipun bade mujuk atur. Nanging ratu dwarawati menika putri ingkang ambeg budinipun luhur, pirsa glagat mekaten wau lajeng mboten mundut pirsa menapa-menapa. Namung dawuhaken pelekan, alasanipun bilih sari rani pun kraos sayah tuwin lungkrah. Nyai mlati namung sandika ing dawuh, lajeng nderekaken dateng pidaleman ageng.
2)            Taksih wonten ing panti Kudus, wonten ing patunggonipun Joko kemat. Kacariyos Joko kemat ingkang kapedotan trisna tinilar pejah dening cendani kekasihipun ingkang sanget dipun trisnani, penggalihipun pusak sanget. Mangan mboten ngraosaken eca, tilem mboten saged, dolan mboten jenak, tumandang damel mboten sabar, wontenipun namung kemutan dateng cendani. Nyai mlati dateng ing mriku, Joko kemat gupuh anggenipun ngacarani, saha pitaken menapa ingkang dipun kersakaken teka dalu-dalu dateng ing panggenipun. Nyai mlati ngandika anggenipun ngandika wau, katingal sangat ngantos-nantos kwatir menawi aluripun mengke angembuh embuhi susahipun Joko kemat. “kakang Joko kemat, sak durungi aku njaluk pangapura yen tekaku iki ganggu marang kowe. Sejatini aku arep aweh pitulur marang kowe, nanging yen pituturku mengko kurang nuju prana ing atimu aku nyuwun pangapura”. Joko kemat sajakipun gumun sanget dateng nyai mlati, awit selaminipun mboten nate manggih piyambakipun ingkang mangsakaron makaten menika. Pramila wangsulanipun lajeng nyuwun enggal supados nyai mlati, blakakaken menapa ingkang dipun pekajengaken. Nyai mlati ngandika malih, “ kakang kemat aku ngerti yen dina iki kowe susah sanget awit katinggal mati dening kekasihipun, nanging najan tekak getunane, wong mati ora bakal bali urip maneh, temahan bakal ngrusak awakmu dewe. Mula aku dak kondo, yen wong kelingan banda kuduni ditambani kanti banda, semana ugi yen wong kelangan kekasih ya kudu di tambani kanti kekadih. Yen kekasihmu wis ora ana, supaya kowe ora tansah kelingan lan getun klawan sing mati. Kowe kudu enggala golek ganti kekasih”. Joko kemat ngleresaken menapa ingkang dipun ngandikaken nyai mlati wau. Nyai mlati nglajengaken ngandika, “ tekaku iki, aku arep mitulungi kowe, nanging aku uga njaluk tulung karo kowe “. Joko kemat boten mangertos ingkang dipun kersakaken nyai mlati wau, pramila lajeng pitaken menapa ingkang diun pakajengaken. Nyai mlati mangsuli, “supaya kowe ojo nganti tansah kelingan marang kekasihmu, aku sumadya dadi ganti kekasihmu. Anggonku nyuwun tulung marang kowe ngertio yen Sunan Kudus ngersakaken aku arep kapundut selir. Nanging aku ora bisa nglakoni awit iku garwani bendaraku. Mulane amrih, Sunan Kudus ora nerusakake kersani wau sarujuk ana karepku iki aku dadi bojomu”. Joko kemat gembrojos kringetipun medal sadoyo, awit nyai mlati najana namung abdi emban, nanging abdinipun ratu. Rumiyin putri kraton, dados menawi dados bojonipun kemat menika mboten tanding babatipun. Pramila Joko kemat lajeng bingung. Bingungipun bade dipun tampi ajreh menawi wonten dukani Sunan Kudus, bade dipun tampik, nyai menika ayu sanget. Nyai mlati ngertos ingkang dipun kwatiraken Joko kemat, pramila lajeng ngandika malih, “kakang kemat, yen aku wis dadi bojomu, Sunan Kudus ora bisa nglupatake marang kowe utawa aku. Awit wong jejodoan mono pepatokan kanti jambuhing katresnan, ing antarane lanang lan wadon. Upa aarep duka, nganggo migunakake panguwasane dak kira ora wani, sebab panjenengan wedi marang ratu dwarawati. Kanjeng ratu mesti ora arep kendel. Kejaba saka kuwi Sunan Kudus mesti kwatir yen nganti ratu dwarawati duka lan ora kersa atur leladi marang panjenengan Sunan Kudus”.
Ngandikanipun nyai mlati wau mapan sanget lan maton, pramila Joko kemat lajeng namung nderek sarujuk. Nyai mlati dipun tampi. Lajeng sami rembagan nemtokaken dinten bade dateng gulang, matur dateng bapakipun ki ageng gulang. Dumadakan dereng kemawon rampug anggenipun sami rerembagan, wonten murid ingkang dateng nyelatu dateng Joko kemat. Ujaripun bilih kemat tuindak ingkang murang tata, awit wantun pepanggihan kaliyan nyai mlati ing papan ingkang sepen tur mangsa karon. Cekakipun Joko kemat dianggep mlanggar. Mekaten wau dados pasulayan, dipun aturaken Sunan Kudus. Joko kemat lajeng dipun dukani katah-katah lajeng dipun usir. Nyai mlati ugi dipun dukani, lajeng dipun kebonaken, mboten kepareng derekaken ratu dwarawati, dipun dunungaken ngempal kaliyan para pasuwitan. Japanipun wau dados dusun Narawito (para nara pasuwitan). Joko kemat susah sanget lajeng wangsul dateng gulang, nanging ing margi kepanggih kaliyan Sunan kedu. Joko kemat mangertos bilih Sunan kedu menika wonten pesambungan ingkang raket kaliyan ratu dwarawati, pramila lajeng nyuwun tulung dateng Sunan kedu, supados saged kaleksanan kliyan nyai mlati. Sunan kedu ngandika, “bab kuwi mungguhe aku gampang banget, awet nyai mlati kuwi abdine ratu dwarawati, dudu abdine Sunan Kudus. Kanti waton kanjeng ratu maringaken temtu Sunan Kudus mboten saged tumindak menapa-menapa. Aku saguh nyuwunaken nanging aku duwe bebana. Bebanaku aku mundut ganti pusaka bende kyai macan guguk” Joko kemat mangertos bilih ingkang dipun pitaya ngreksa, sadaya pusaka lan kalangenanipun Sunan Kudus menika ki jenas, pramila lajeng nyagohi bade budidaya, manggihaken bende kyai macan guguk.
3)            Ing griyanipun Ki Janas
Ki yanas menika abdi kinasihipun Sunan Kudus, ingkang dipun pitaya, ngriksa gamelan, pusaka, tuwin kalangenipun Sunan Kudus kados dene peksi tuwin sawung.
Nalika semanten ki yanas nembe nglaras kempul (gong). Nanging sajakipun, rekaos sanget anggenipun nindakaken, sampun meh sepasar laminipun anggenipun nindakaken meksa dereng saged kaleresan. Ki yanas ngantos judeh sanget manahipun wongsal wangsul kempul wau, dipun tutuki di pun kikir, ngantos gembrobyos kringetepun dleweran, rainipun mangar-mangar meksa dereng saged kaleresan. Dumadakan Joko kemat dateng, sumerep menawi ki yanas, makaten wau lajeng anggadahi pangenten enten bilih kempul wau temtu bende macan guguk, ingkang sengaja bade dipun owahi larasipun. Bende macan guguk menika bende sekar delima, pusaka mojopait. Kados kacariyosaken ing ngajeng bilih Sunan Kudus, sengaja kepingin melikaken pusaka wau. Amrih mboten kapirsan dening tiyang demak bintara, najan ta naminipun sampun di pamelik, nanging larasipun ugi bade dipun owahi, makaten gagasipun jaka kemat. Ki yanas, lajeng dipun caketi kanti ngantos-ngantos sanget, Joko kemat matur dateng ki yanas bilih piyambakipun ugi saged nglaras gamelan, lan saguh tumut ngrincangi nglaras kempul wau. Aturipun menika warni, amrih dipun percados dening ki yanas, kepareng tumut ngrincangi nglaras kempul wau. Ki yanas ingkang pancen nyatanipun, nembe karepalan saestu, pramila aturipun kemawon wau dipun sarujuki lan enggal-enggal kapurih nandingi ing sak lajengiun Joko kemat kangge nglimpekaken ki yunas, lajeng dok-dok anyuwun supados dipun padosaken blimbing wuluh, alasanipun blimbing wau kangge sarana nggampilaken anggenipun nglaras. Ki yanas tanpaka pikir panjang, lajeng kesah pados blimbing wuluh, kempalipun dipun pasrahaken Joko kemat. Sak sampunipun sareng ki yanas danas kaliyan bekto blimbing wuluh, sepunten kagetipun sareng sumerep bilih Joko kemat tuwin kempalipun mboten wonten. Awit saking ajrihipun dateng dukanipun Sunan Kudus, pramila lajeng madosi Joko kemat.
Jok kemat manggihi Sunan kedu, kempul dipun wau dipun aturaken. Aturipun bilih kempul menika bende macan guguk. Sunan kedu ingkang dereng nate pirsa piyambak wujudipun bende macan guguk, pramila lajeng namung percados. Penggalihipun remen sanget, Sunan kedu gumuyu ngakak. Dumadakan wonten gaib, wonten asep (pega utawi kebul), kemelun ngantos mahanani swasana ing literipun mriku peteng ndedet lelemengan. Sak icalipun asap wau, wonten cahaya mencorong ing sak wingkingipun cahya, ketingal jumedulipun sinuhun prabu brawijaya kertabumi, ngagem ageman keprbaon. Sunan kedu tuwin Joko kemat sami ajrih lajeng sami sujud, semungkem ngaturaken pangabekti, saha nyadongi ing dedukanipun.
Prabu brawijaya ngandika katingalipun birawa, “ Ki citra bangsa ojo kok bacutake niyatmu, arep ngrangsang negara demak bintara. Sebab durung titi wancini, manut marang sabdani kyai sabdo dalon lan noyo ginggon, supaya nunggu 500 tahun maneh (kapitung saking tahun adegipun negari demak bintara ing tahun 1478). Kajaba saka kuwi, bende iku dudu bende macan guguk, ya bende sekar dlima. Bende sekar dlima iku titikane yen di tabuh swarane ngengkung, kaya macan giro. Mulane di jenengake macan guguk dening Sunan Kudus. pusaka-pusaka kang kok simpen kaya pusaka kotang gondil, cis, lan cemeti guntur lawe coba kene dak simpene. Pusaka-pusaka kuwi ora kena kanggo sembarangan. Sisip tembire bakal nempuhake marag awakmu dewe”. Pusaka-pusaka wau lajeng sami dipun aturaken dumateng prabu brawijaya. Sesarengan kaliyan nampani pusaka wau sang prabu musna. Sunan kedu tuwin Joko kemat sami domblong awit saking gumunipun. Sak lajengipun Sunan kedu taksih dereng percados dateng bendenipun, bende dipun cobi, katabuh saestu swantenipun bunek, mboten ngungkun ngumandang. Tetela manawi saestu sanes bende skardlima, nanging bende lumrah. Sunan kedu jengkel sanget, bende wau dipun banteng ngantos amblesing bumi. Mboten antawis dangu buminipun wau lajeng mandukul kados puntuk alit, benunuk kados gong, pramila ing mriku dipun namekaken bunuk gong (ing dusun gribig keprem sisih kidul, wonten ngandap wit randuwono, utawi wingingking asrama militer). Sunan kedu lajeng tindak Joko kemat dipun tilar tanpa dipun pamiti, lan ngandika menopo-menopo. Joko kemat bingung sanget, awit mboten estu pikantuk nyai mlati lan bingung anggenipun bade tumindak, upami wangsul dateng gulang ajrih menwai dipun padosi tiyang-tiyang Sunan Kudus. Joko kemat lajeng kesah dateng Murya bade suwito dateng Sunan Murya.
4)            Ing Panti Kudus
Ki yanas lapuran dateng ngersanipun Sunan Kudus bab tumundakipun Joko kemat lan ugi matur bilih Joko kemat sampung ing kaSunan Murya. Rehning Sunan Kudus menika memengsahan kaliyan Sunan Murya, aturipun ki yanas wau, Sunan Kudus lajeng duka sanget mboten namung dateng Joko kemat kemawon nanging ugi dumateng Sunan Murya. Pandakwanipun bilih Joko kemat wonten tumindak makaten wau temtu Sunan Murya. Pramila menika Sunan Kudus lajeng kepengen damel dadakan supados saged aben ajeng kaliyan Sunan Murya. Kacariyos rumiyin Sunan Murya mati kawon adu ngelmu kaliyan Sunan Kudus, ingkang kawon notohaken banda. Bondo-bondo wau dereng dipun boyongi dening Sunan Kudus. sedyanipun bondo-bondo wau lajeng bade dipun boyongi. Nanging pamboyonganipun mboten bade atur cecalo rumiyin kaliyan Sunan Murya. Ing ngujup supados Sunan Murya wau nesu, menawi saestu Sunan Murya mboten narumakaken. Bade dipun tataki kanti adu kekiyatan lan kesakten, murid-muridipun lajeng sami irid dateng Murya.
5)            KaSunan Murya
Sunan Murya nembe pepanggihan kaliyan R. Gondokesumo ingkang dipun rembag bab anggenipun kepengen rerukunan kaliyan Sunan Kudus. nanging angel sanget anggenipun minangkani. Awit Sunan Kudus tansah wonten-wonten kemawon anggenipun damel dadakan pasulayan. Mboten antawes dangu, Joko kemat sowan matur bilih Sunan Kudus sampun mrentahaken murid-muridipun boyongi bondo-bondo Murya, ingkang mboten atur cecolo langkung rumiyin. Sunan Murya lajeng dedancangan tindak nakjenaken anggenipun mirsani saking nginggil puntuk. Saestu Sunan Murya sumerep bilih murid-murid Kudus, sami boyongi bondo-bondo saking kaSunan Murya. Dusun mriku dipun namakaken Colo (pikantuk dening tanpa cecolo bondo-bondo Murya dipun boyongi).
Sunan Murya mboten narimah, dateng pakartinipun Sunan Kudus makaten wau. Pramila lajeng prentah dateng muridipun ki wergu tuwin ki warga, nyidra ratu dwirawati, garwanipun Sunan Kudus supados kabayong dateng kaSunanan Murya. Pepetanganipun Sunan Murya menawi bondobondo Murya dipun boyongi Sunan Kudus, kagem lintunipun kedah garwanipun Sunan Kudus dipun boyongi dateng Murya, ingkang dipun utus lajeng bidal Joko kemat ugi nderek awit piyambakipun ugi betah boyongi nyai mlati.
R. Gondokesumo ngandika bilih patrapipun Sunan Murya wau mboten leres, awit menawi saestu klampahan ratu dwarawati kaboyongi dateng Murya, bade tampi dukanipun sultan akbar alfatah. Sebabipun cumondokipun ratu dwarawati ing Kudus wau saking kersanipun sultan akbar alfatah, ingkang dipun ganjeraken Sunan Kudus. Sunan Murya lajeng kedawung anggenipun prentah dateng siswanipun wau, nanging penggalihipun dereng narimah bilih bondo-bondonipun dipun boyongi dateng Kudus. pramila lajeng dawuhaken sabda bilih bondo-bondo saking Murya mboten saged dumugi ing psnti Kudus. saestu mandi sabdanipun Sunan Murya. Murid-murid Kudus anggenipun boyongi bondo-bondo sareng dumugi ing wetan kali gelis, lajeng sami mboten kiyat. Bondo-bondonipun wau dipun selehaken ngantos buminipun ledok, mandelong. Ing ngriku dados dusun ledok (pramilo ing mriku katah tiyang sugih). Kadadosan makaten wau Sunan Kudus mangertos, bilih saking sabdanipun Sunan Murya, pramilo penggalihipun panas sangat. Mboten antawes dangu wonten lapuran bilih ing panti Kudus wonten maling, utusan saking Murya, nyidra ratu dwarawti kaliyan nyai mlati. Sunan Kudus lajeng gegoncangan bujung malingipun Joko wergu utusanipun Sunan Murya kapregok, lajeng dipun pejahi, dados dusun wergu (sak caketipun setasiun sepoor).
Ratu dwarawati kabekta mlajeng ki warga, ngidul ngilen purugipun. Nyai mlati mlajeng ngilen urut lepen gelas dening Joko kemat. Joko ndelik ing lebeting barongan (rumpun bambu : greng), nanging konangan murid-murid Kudus. dipun gropyok mlajeng malih mengidul. Ing mriku dados dusun Barongan (caket dusun kramat). Joko kemat tuwin nyai mlati sami pasrah dumateng ngarsanipun gusti ingkang maha kuasa, awit sampun saged lolos meleh saking pakepungan. Tiyang kekalih wau lajeng lenggah jajar kados temanten nyuwun kapejahan sareng, dening Sunan Kudus. nanging Sunan Kudus mboten kersa mejahi nyai mlati, ingkang dipun pejahi Joko kemat. Nyai mlati kawong sulakaken ing narawita. Papan wau dipun namakaken dusun ngantenan (kidul dusun barongan). Kacariyos ki warga ingkang bekta mlajeng ratu dwarawati kakroyok ngantos pejah. Batangipun dipun cacah-cacah ajur sak walang-walang (dados pedayangan ki batang). (panggenipun ing sak caketipun asrama militer caked patung achmad yani ing dusun jati). Sunan Murya duka sanget awit muridipun pejah ngantos dadi perang campuh kaliyan Sunan Kudus katah bebanten (banyak korban) akeh batang, rahayunipun peprangan wau mboten dangu saged sirep awit dipun sapih dipun pisah dening Sunan Bonan. Kanjeng ratu dipun wangsulaken ing panti Kudus. Sunan Kudus janji dateng Sunan Kudus bilih mboten bade ngajak pasulayan kaliyan Sunan Murya. Nanging Sunan Kudus dereng purun nampi prasetiyanipun Sunan Murya wau, ngandikanipun kedah nyuwun buktinipun lajeng kondur.
Sunan Murya ngaturi Sunan bonan mampir dateng kaSunanan Murya, kangge tanda panarumahipun, Sunan Bonan bade dipun aturi pakurmatan pasegahan daharan ing kaSunan Murya. Sunan Bonan ngandika, “Sunan Murya aku gelem mampir ing kaSunan Murya nanging aku mundut pasugatan iwak seng dadi karemaku (kegemaranya)”. Sunan Murya nyagohi lajeng sami sewang ing lampah Sunan Bonan dipun derekaken R. Gondokesumo tindak dateng Murya. Sunan Murya pados ulam ingkang dados keremanipun Sunan Bonan.
6)            Ing KaSunan Bonan
Sunan Murya dateng Bonan awet pamanggihipun ingkang mangertosi karemanipun Sunan Bonan, temtu nyai Bonan piyambak awet menika garwanipun.
Saestu Sunan Murya manggihi nyai Sunan Bonan, ratu siyem asmanipun. Ing mriku Sunan Murya mundut pirsa, dateng ratu siyem ulam menapa ingkang dipun karemi Sunan Bonan. Ratu siyem tanggap lan mangertos ingkang dipun kersakaken Sunan Bonan. Ceritanipun Sunan Bonan mundut pasunggatan leladinipun lare estri (minta gadis Murya). Pramilo nyai Bonan dawuh kanti pasimon, menawi karemanipun Sunan Bonan ulam bandeng ingkang mawi anting-anting. Sunan Murya ugi lajeng tanggap ing pasemon wau, pramila lajeng nyuwun dateng nyai suna Bonan kersa dateng Murya, bade dipun segahaken Sunan Bonan. Makaten punika kersanipun Sunan Murya kagem ngemutaken Sunan Bonan. Sareng Sunan Murya sampun pinanggih kaliyan Sunan Bonan, lajeng matur bilih sampung pikantuk ulam ingkang dados karemanipun, awujud ulam bandeng lan sampun kasedyakaken ing nglebetipun kantel (kamar). Tanpa kapanggalih langkung pnjang Sunan Bonan lajeng mlebet dateng kantil. Dumadakan ing mlebet kapanggih nyai Sunan Bonan, bojonipun piyambak. Kanjeng Sunan Bonan dipun ujar-ujari dening garwanipun ngantos kawirangan sanget. Sunan Bonan lajeng gegancangan kondur tanpa pamit dateng Sunan Murya.
Dereng ngantos tebih tindakipun Sunan Bonan, dumadakan pinanggih tiyang ngemis ingkang nyuwun sedekah. Tiyang ngemis wau lajeng dipun paringi arta, nanging anehipun tiyang ngemis waumboten purun. Tiyang ngemis aturipun nyuwun barang ingkang dados karemanipun. Sunan Bonan rumaos dipun semoni dening tiyang ngemis wau. Tiyangipun lajeng dipun dukani dipun tendang dipun cempalani. Dumadakan gamanipun tiyang ngemis wau mencelat dawoh. Gamanipun arupi keris. Sunan Bonan pirsa, lajeng gama wau dipun pundut lan dipun titi pirsa. Sepinten kagetipun Sunan Bonan wau saking mangertos bilih gaman wau pusaka keris kyai sengkelat.  Pusaka agemipun prabu brawijaya ing mojopait. Tiyang ngemis wau lajeng dipun dangu, saking pundi pikantuk pan pusaka wau, malah tiyang ngemis wau kadakwa bilih kyai sengkelat wau anggenipun nyolong. Tiyang ngemis wau matur bilih gamanipun piyambak, tinggalanipun tiyang sepuhipun. Temtu kemawon Sunan Bonan mboten percados, nanging tiyang ngemis wau panggah aturipun bilih gamanipun piyambak. Sunan Bonan jengkel, tiyang ngemis bade dipun tamani pusaka kyai sangkelat. Nanging dereng kemawon klampahan tanganipun Sunan Bonan ndredek, kraos lemes, kados dipun lolosi otot banyunipun kados kenging doyo gaib. Tiyang ngemis sak nalika malih prabu brawijaya, kaliyan ngacungaken tanganipun nedahaken ing drijinepun wonten tanda, ageman sesape tanda keprabon. Ingkang sesocanipun mancorong, dumunar amblerengi. Sunan Bonan lajeng sujud sumangkem nyuwun pangaksami. Sang prabu ngandika, Sunan Bonan dipun utus ngupadi bumi kang ganda arus, kangge anengkaraken wijining jambe jebug. Sunan Bonan tanggap dateng paseponiun sang prabu. Ceritanipun wekdiwinpun pasemoni wau. Jambe jebug menika makananipun saleranipun sang prabu piyambak ingkang sampun sepuh. Bumi kang anggada arum menika sanepanipun prameswari ingkang asulestiya, kangge mancaraken wijinipun sang prabu. Sunan Bonan lajeng tuwuh penggalihan bade males Sunan Murya, pramila sang prabu lajeng dipun derekaken tindak dateng Murya.
Sak sampun dumugi ing Murya, kaleresan Sunan Murya mboten wonten. Ingkang pinanggih namun nyai Sunan Murya ingkang nembe gerah waja. Sunan Bonan nawahaken tombo kagem tambanipun gerahipun nyai Sunan Murya. Tambanipun arupi jabe jebug : jambe dipun tampi dening nyai Sunan, lan dipun dahar sak nalika waluyo gerahipun.
Ceritanipun pasemonan wau makaten. Nyai Sunan Murya gerah waja, menika nyai Sunan Murya gerah panggalihipun runtel penggalihipun awit nampi lapuran bilih Sunan Murya nate andon asmara utawi karaonsih, remen kaliyan ratu dwarawati, nalika ing dusun ploso. Nyai Sunan Murya menika ugi putri boyongan saking mojopait. Rumiyin abdi ampilipun prabu brawijaya piyambak. Pramila sang prabu rawuh ing Murya (jambe jebug dipun dahar), menika rawuhipun sang prabu lajeng dipun  caosi leladi ngantos sami maremipun (waluyo). Jambe jebug saged tukul ngrambaka ing bumi ingkang angganda arum, cetanipun nyai Sunan Murya garbini, Sunan Murya dangu-dangu pirsa, pramila lajeng dipun dangu. Sinten ingkang dados lelantaranipun garbini. Awit salamanipun ing Murya nyai Sunan dados boyongan dereng nate ngladosi Sunan Murya, jebul sak menika garbini. Nyai Sunan wangsulanipun, ingkang dados lelantaranipun garbini tiyang ingkang kagungan pusaka kyai sengkulat. Makaten wau kaliyan ngaturaken pusakanipun, Sunan Murya mangertos bilih ingkang kagungan pusaka kyai sengkelat makaten wau mboten sanes namung prabu brawijaya. Pramila keris dipun pundut, nyai Sunan dipun tundung, dipun dawuhi bilih tanpa gina cumondoking Murya. Putri ingkang mboten setya ing kakung. Maneka warni ingkang dipun ngendikaken, Nyai Sunan langgar saking Murya, tindak sapurug purugipun, tanpa arah tujuan awit bade tindak dateng demak bintara ajrih menawi dipun dukani sultan akbar alfatah. Bade madosi sang prabu brawijaya mboten mangertos wonten pundi cumondokipun. Tindakipun namung kaderekan abdi emban.
Keris kyai sengkelat wau dados kagunganipun Sunan Murya, amrih mboten konangan sultan akbar alfatah, pusaka wau dipun elik keris kyai rambut pinutung.
Kacariyos tindakipun nyai Sunan Murya dumugi ing Kudus, lajeng jumujug norowito ing papan panggenanipun nyai mlati. Kersanipun bade ngawontenaken pepetangan kaliyan ratu dwarawati. Nanging ratu dwarawati mboten kersa manggihi, aturipun nyai mlati bilih kanjeng ratu nembe semedi ing panepen, mboten kersa dipun panggihi dateng sinten tiyang. Nyai Sunan Murya ngentosi ing norowito. Selamanipun wonten mriku nyai Sunan babaraken miyas kakung. Sunan Kudus midanget lajeng nakjinaken dateng norowito. Iba muntaping napsunipun sareng mangertos bilih nyai Sunan Murya ing norowito ingkang tanpa nyuwun ppalilahipun malah nglahiraken putra. Putranipun lajeng dipun pundut karebat bade dipun prajaya. Awet menika putranipun mengsahipun, nyai Sunan Murya mboten kemawon nanggulangi Sunan Kudus, putra saged karebat, lajeng kabekta dening Sunan Kudus, nyai Sunan nututi.
Bayi wau kabekta dateng griyanipun ki yanas, abdi kinasihipun kapurih mejahi. Ki yanas ing sakawit mboten purun awit bayi wau dereng anggadahi dosa, nanging rening katindes ing penguwasa. Ki yanas kapeksa bade mejahi bayi wau, nanging dereng kemawon klampahan dumadakan Sunan Kalijogo rawuh, tetulung. Bayi kapundut saha mundut pirsa menapa sebabipun bayi dipundut prajoyo. Aturipun Sunan Kudus, kados ing ngajeng dupeh menika turunipun Sunan Murya mengsahipun. Sunan kali lajeng ngandika, bilih sagah tumut ngrencangi mejahi turun-turunipun Sunan Murya, saha dawuh bilih ing panti Kudus ugi wonten turunipun Sunan Murya. Sunan Kudus mboten mangertos ingkang dipun ngandekaken Sunan kali wau. Pramila lajeng mundut pirsa ing pundi wonten turunipun Sunan Murya. Sunan kali lajeng ngajak Sunan kondur ing panti Kudus.
7)            Ing Patunggonipun ratu Dwarawati
Ratu dwarawati anggenipun mboten kersa manggihi nyai Sunan Murya, alasanipun bilih nembe ulah semedi. Menika sejatosipun ratu dwarawati piyambak nalika semanten ugi garbini. Awit ajrih menawi kadenangan Sunan Kudus. pramila lajeng mempen ing patunggon mboten kersa dipun panggihi dateng sinten kemawon. Ratu dwarawati nimbali nyai buyut nyiah ing dusun ploso, dipun tempuhi kapurih madosaken srana. Supados bayi ingkang dipun kandut manika ical utawi gugur. Awet kanjeng ratu ajrih menawi kadenangan Sunan Kudus temtu nampi duka. Awit selaminipun ing Kudus dereng ngladosi Sunan Kudus babar pisan. Buyut nyiah mboten saguh awit ajrih ing di dosa. Dumadakan Sunan kali rawuh kaderekaken Sunan Kudus. Sunan kali ngandika bilih ratu dwarawati garbani, putra ingkang kakandut wau putranipun Sunan mura, nalika wonten ing dusun plasa. Sunan Kudus kadawuhan mrajaya putra ingkang taksih kakandut wau, temtu kemawon Sunan Kudus mboten kersa. Awet menika putranipun ratu dwarawati ingkang dipun tresnani, lajeng narimah kawon Sunan Kudus nyuwun kaliyan Sunan kali supados bayinipun enggal lahir. Sunan kali paring sarana, dipun pundutaken krikilipun kali gelis, dipun ekum toya. Toya nipun diun unjukaken ratu dwarawati, makaten wau pikantuk berkahing gusti engkang maha kwasa, bayi lahir miyos kakung (ila ilanipun menawi wonten bayi engkang angel lahiripun saged dipun tulungi kaliyan kumkumanipun krikil kali gelis). Kanjeng ratu mundut supados bayinipun dipun paringi asma (tenger). Sunan Kudus namung maringi asmaipun Joko, bade nglajengaken Joko menapa. Penggalihipun bingung awet sanes patrapipun. Pramila lajeng nyuwun tulung supados Sunan kali kemawon engkang maringi asma. Sunan Kalijogo maringi asma Joko rachmad (awit pikantuk rchmading gusti ingkang maha agung bayi lahir kanti wilujeng). Sunan Kudus matur dumateng Sunan kali bilih mboten bade memengsahan kaliyan Sunan Murya. Ing sak lajengipun putranipun nyai Sunan Murya ingkang bade kaprajaya Sunan Kudus wau kapundut Sunan Kalijogo ka asto kondur dateng kadilangu.



Adegipun Mesjid Kudus Bab III
Wontenipun desa Pejaten Kerjasan
Sumber panguripan tuwin menara Kudus

1.            Ing petajen (glanggang pertandingan pencak ing sak caketipun griyo kapal jember).
Ning... nong.... ning... ning gong... ning ... nong... ning gong. Dang dang gung 2x. Tung tung gung. Mangkono swarani gamelan agung kang rame banget. Swasana ing desa petajen ing dina iku rame banget. Bakul-bakul andir werna-werna kang pada di edol, sing akeh bakul jajanan, panganan, wedang dawet cendol, gempol pleret lan liya-liyane. Pendak-pendak ana mengkono kuwi ing pekaten lagi ana pertandingan pencak utawa istilahe ana encak encik. Najan ta ing petajen wis makaping kaping ana tontonan encak encik, nanging Sunan ja’far sodiq, si Joko nimbali pendekar-pendekar sakti soko ngendi-ngendi daerah, saperlu di adu kasektene utawa kapinterane ngenani bab ilmu pencak. Mulane ora langka yen ing dina wau ing petajen rame banget.
Ramene wong-wong kang podo nonton, ramene para bakul-baukl kan pada mremo, ora keri para botoh-botoh kang seneng totohan. Keramen wau wis klakon patang dina lawase. Dina ini dina kang pungkasan. Jangkepe sepasar, sesuk wes ora ono meneh. Ing dina iki bakal nemtokake kemenangane pendekar-pendekar kang wingi-wingi wis entuk kemenangan. Cetone iki dina adon-adone pemenang lawan pemenang (semi final). Kang metoni petajen mung pendekar-pendekar kang sakti-sakti tok. Gamelane swarane sang saya suwe sang saya banter, rame ngungkung. Kendange muni kekablak, mratandakake ora suwe meneh bakal diwiwiti tandingan. Dumadakan keprungu nom-noman pawakane gagah prakasa, kereng, klambine abang potong gulon cina. Katoke ya abang komprangan, sarunge plekat kotak-kotak putih di bentengake singset, nganggo iket modang. Iketane cara madura. Pendekar wau saka desa wedari (sak lor kuta pati saiki). Pendekar mau seng kondange mawa gelar encuk ndari, kang tau tate wes tau ngalahake pendekar-pendekar sakti saka manca desa. Encik ndari wau kalebu pendekar lurugan. Nyatane pancen ya tenan, sak jrone patang dina kang wis klakon, encik ndari mau bisa ngalahake pendekar wolu cacahe.
Sak wise uluk salam marang pendekar-pendekar kang pada lungguh kapeng ing pinggir petajen, lan para penonton. Encik ndari mau banjur miwiti pencake, pencak kembangan kang sengaja kanggo pameran. Mamerake menyang duwure ilmune. Ngantos apik temenan, mula ora aneh yen paguron pencak ndari kondang, mangonang onang kawentar marang encik ndari mau. Sak sawisi rampung bali uluk salam maneh. Binarungan surak rame mawarahan saka penonton kang kaya-kaya  atur wangsulan salam marang encik ndari mau. Kang wis mungkasi pamerane ilmu pencake. Ora antara suwe ing petajen duwur muncul pendekar jenenge karjasa. Pawakani cebol kepalang cendek ora duwur yo ora dempal dada bau. Sandangane iket wulung, kadok beneset, klambine lan katoke komprangan warnane ijo nyamber lilin. Sarunge sarung samarinda wawungu kang singset di bentengake. Pendekar karjasa iku kalebu pendekar tua ing kuto Kudus kono (pendekar tuan rumah). Muride tanpa wilangan cacahe mulane ora aneh, surake wong-wong rame banget amboto rubuh, bareng podo weruh yen pendekar kerjasa kang meton ing petajen.
Kaya patrape para pendekar-pendekar sak durunge menika mamerake pencak kembange, atur hormat disik marang wong-wong kang ana ing petajen. Nanging hormate pendekar karjasa beda banget karo hormate pendekar-pendekar liyane. Hormate pendekar karjasa katon susilo banget. Patrape anggone hormat sirahe dingkluk, awake di bungkukake tumungkul, kaya wong kang lagi ngromati priya gung luhur. Mangkono mau mratandake yen pendekar Karjasa wong kang luhur ing budi jangkep kasusilan. Pamerane pencak kembangan mung sak watara, kaya-kaya mung sak cukupe wae. Sak wese rampung banjur atur sasmita marang mungsuhe, ya iku encik ndari. Pendekar Karjasa biyen wes tau di kalahake dening encik ndari, naliko rong taun kang kapungkur ana ing petajen Demak bintara. Anggone ngleboni ing dina iki, karjasa sengaja kepengen males, nebus marang kekalahane. Encik ndari banjur mlebu in petajen, surake penonton rame banget kaya jebol-jebolake jaged. Ak wise pada salaman banjur podo miwiti pencake, aduk kawaspadan lan kaprayitan, sapa kang lena bakal nemoni papa. Kang sawiji ngantem, kang sawiji ngendani, trengginas, nyepak, jotos, mengkal ora gelem aweh papan marang mungsuhe kanggo males. Pendekar Karjasa pencake kaya macan kang lagi kerah. Patrapipun tansah ngendekake awake nanging prayitna lan waspada nanggulangi penyerange mungsuhe. Pendak-pendak ana penyerange mungsuh di endani nanging endane maumung sak cukupe wae, banjur nyusuli nyerang mungsuhe, kaya-kaya yen mungsuhe mau ora prayitna mesti kena di cakar dening Karjasa kang pinda cakare macan gembong. Tetandingane encik ndari lan pendekar karjasa ora perlu dak critakake dowo-dowo mung cukup dak pungkasi kang kalah encik ndari. Pendekar kerjasa kaleksanan bisa males ngalahake mungsuhe, saiki genti kang mlebu petajen. Si Joko putrane Sunan ja’ffar sodiq pawakane gee duwur, gagah prakasa, bagus rupane, dasar putrane Sunan, sugih banda duwe panguwasa, sekti mandraguna.
Watake si Joko mau asoring budi, candala, angkuh, menang-menangan moh di asorake. Opo maneh menang, kalah wae emoh di arani kalah. Naliko semono si Joko wis rampung kang metone ing petajen. Pendekar-pendekar kang ana ing petajen ora marga wedi yen kalah karo si Joko ora. Nanging anggone pakewuh marang Sunan Kudus. kadadeyan mengkono mau, si Joko kang watake kang asor ing budi, di arani yen wong-wong mau podo ora wani karo dewekne. Pendekar-pendekar kang wedi getih, dudu wong lanang, nanging wong wadon kang kembenan aminting minting. Akeh-akeh sesumbare, dumadakan ana nom-noman kang mlebu ing petajen. Nom-noman mau Joko mantingan saka paguron lemah gunung (caketipun dusun gribig). Joko mantingan rumangsa kanyonyok atine, krungu sesumbara si Joko. Gampange critan, tandingan diwiwiti gamelan ngungkung rame banget, pendah keprungu surak rame sebab kang pada tetandingan ana kang kakenan. Luwih-luwih yen kang kakenan mau Joko mantingan. Ramenepun ora jamak, awet akeh kang pada jagoni si Joko, pancen uga sakti. Joko mantingan yo ora kalebu pendekar cilik-cilikan, dewekne uga kalebet pendekar manca desa. Malah nalika ing demak bintara, tau ngalahake prajurit demak. Mulani ing sak jrone tetandingan mau Joko mantingan ora gampang dikalahake. Si Joko kang jumbuh karo watake mau, bareng ngerti yen mengsahipun ora kena kanggo baen-baen, mula banjur ngetog kabisana kapinteran di tumplak kanggo ngalahake Joko mantingan. Rame banget tetandingane. Tetandingane pendekar nom-noman kang podo-podo emoh dikalahake, lan jogo marang kuncarane paguron dewe-dewe. Pungkasane Joko mantingan embuh kena opo ora ngerti, dumadakan mripate krasa pedes nganti ilang ing kawaspadane, nganti kena di antepi dening si Joko, nganti glangsaran tumiba ing pinggir petajen. Wong-wong podo saorak rame banget. Si Joko bedodog atine rumaos yen unggul jurite. Jumbuh karo watake si Joko, weruh mungsuhe koyo mangkono mau banjur di teter di antemi, ora diwenehi papan kanggo ngendani. Joko mantingan kena di jungjung dening di Joko di angkat arep di banteng diman pecah sirahe. Sengaja arep di pateni supaya wong-wong pada ngerti yen Joko bisa mateni mungsuhe ing jrone petajen. Nanging durung wae kaleksanan dumadakan ana cina loro, tetulung Joko mantingan. Si Joko di terjang dening cina mau. Cina kang sawiji nyandah Joko mantingan di gendong banjur mlumpat bareng metu saka petajen, trus minglar ora katon. Wong-wong kang ana ing petajen pada gumun banget, swarane rame banget pada takon tinakon. Sapa cina mau, saka ngendi lan apa sesambungane karo Joko mantingan. Akeh-akeh kang podo di ucapake nanging siji wae ora kang bisa aweh wangsulan. Sapa sejatine cina mau.
Joko banjur nimbali ki yanas kanggo anakoni, di dangu opo wis tau weruh marang cina loro wau. Ki yanas dewe uga ora mangerteni. Setajen wes rampung, wong kang podo nonton podo bali, swarane rame umjeg kang pada cinatur. Warno-warno kang pada di rembug, ana kang ngalembana si Joko, nanging saweneh uga ana kang ngeloni Joko mantingan. Nanging kang luwih rame bab anane cina loro kang nyala wadi mau. Warna-warna kandane, nganti ora ana enteke.
Kacapa pendekar cina loro wau, bareng wes adoh saka petajen tekan ing papan kang sepi. Wancine bengi, kabener ing wanci wulan purnama. Rembulan padang jingglang kekencaran, madangi jagad sumunar cahyaning pinda mas dinangkling. Swasapa ing papan mau sepi, tentrem angine semilir, hawane kepenak banget, binarang swarane jangkrik ngerik, walang ngecek, sajake asri banget. Ana ing ngisor wit randu wono kang gede banget, cina loro wau ngupakoro Joko mantingan kang lagi nandang papa. Bareng Joko mantingan wes rada kapenah, banjur pitakon marang cina loro mau. Wangsulane kang sawiji arane she ling siang, kang sawiji maneh arane ge ling siang. Asali saka negara siyem. Nanging wes watara suwe dumung ing jepara, nderekake gurune pendekar tegowanu arane (pendekar Tegowanu iki pendekar cina, embuh sapa jeneng asline, penulis durung bisa nemukake). Pendekar cina loro mau ahli ukir, kang misuwur banget. Tekanipun ana ing petajen mau, pancen sengaja kepngen nonton para pendekare kang pada adu kasekten. Nanging bareng weruh Joko mantingan meh tewas tuwuh rasa welase, banjur aweh pitulungan di gawa mlayu. Cina mau ugi nerangake yen sejatine manuting panalitine (pengamatan), Joko mantingan ora gampang dilakahake dening si Joko. Nanging jaka mantingan ing sak jrone ing tandingan ora ngerti yen Joko ana kang ngrewangi, sarana namakake senajata rahasia saka jabane petajen, kang nganti mahani Joko mantingan mripate krasa pedes lan terus kena di teter dening si Joko. Joko mantingan banjur enggal-enggal bisa dakwa marang wong kang sak biyantu marang Joko mau, ora liya ki yanas abdine kang kinaseh. Sak banjure Joko mantingan nelakake panarimane marang cina loro mau. Cino loro mau ora bisa suwe nunggani Joko mantingan pamitan arep nerusake lelakune. Mung meling supaya Joko mantingan sing ati-ati lan waspada, mbok menawa isih ana wonge Joko kang arep gawe panggawe ala marang dewekne. Joko mantingan gela atine cino loro mau enggal-enggal pamitan, nanging rehning adreng panjaluki cina loro mau, banjur pada pepisahan. Joko mantingan ora wani bali menyang paruron ing lemah gunung, kwatir yen di paido gurune. Ing bengi iku, Joko mantingan prasetya ing jrone atine ora arep bali menyang lemah gunung, yen durung bisa ngalahake si Joko. Sedyane arep golek paguron kang sakti. Sak banjure Joko mantingan ninggalake randu wono mau lunga mlaku alon-alon kang tanpa arah, nangin ana tujuane.
Arahe arep menyang endi-endi mbuh deweke durung bisa nemtokake, sebab durung entuk wawasan menyang edi panggonane paguron kang sakti, kang nakal bisa di suwitane. Nanging tujuane wis ana ya kuwi galeh paguron. Wancine meh bangung esuk, pratanda lintang panjer esuk wis katon. Nanging Joko mantingan durung entuk gagasan kanggo nemtukake arahing lakune. Dumadakan ana macan gembong jumedul metu saka grumbul nyegati lakune. Joko mantingan wedi ora, nanging sumelang atine, awit kekuatane durung pulih, tatune isih krasa lara. Mula Joko mantingan banjur ngunus cundrike, kangge ngadepi macan mau. Macan nubruk di endani, Joko mantingan kapeksa tumendang, macan di gelut di tamani cundrike nanging Joko mantingan kalah di gelut karo macan mau, di cakari awake pada tatu kabeh. Sisane kekuwatane di ketogake kanggo ambela marang nyawane, nanging tanpa guna, luwih kuwat macane katimbang Joko mantingan. Ora antara suwe, embuh saka apa ora bisa di mangerteni, dumadakan macan mau ngeculake jaka mantingan. Awake di banting-banting dewe, gero-gero bekas-bekas kaya patrape macan kelalara. Kahanan kang mangkono mau banjur di pigunakake dening Joko mantingan kanggo nylametake awake, banjur mlayu sipat kuping. Nanging ora suwe Joko mantingan wis ambruk tiba glongsor depani lemah. Tantune arang kranjang, getihe gubrak ngebaki raine lan awake. Ewo samono dewekne isih kuwat lan eling yen durung sumingkir adoh saka bebaya. Mula banjur di kuwat-kuwatke ngadek arep mlayu, nanging ora kuwat, bola bali ambruk kaya-kaya balunge sikile putung. Joko mantingan susah banget atine, pangadarasane, sikile mesti putung upama besuk bisa mari (waras) mesti ora bisa kuwat koyo mau-maune lan temahan banjur wurung pejangkane angone arep golek paguron kanggo ngalahake si Joko. Awit saka iku Joko mantingan banjur arep suduk jiwa, tekade mantep. Cundrike di tamakake awake dewe, nanging durung wae kaleksanan sediyane mau dumadakan krungu sebawane manungsa ana burine.
Joko mantingan murungake niyate banjur noleh mungguri golek prenahing sabawane manungsa mau. Ing kono ana wong tuwo, lagi ndodok koyo-koyo lagi tumandang, nandangi opo? Joko mantingan banjur pitakon marang wong mau, “He pak, kuwe lagi opo?” wangsulane alon-alon swarane ceta, “Aku lagi ngasah paku supaya dadi edon (jarum)”. Joko mantingan gumun banget, mula banjur bacutake pitakon. “Apa bapak klakon, paku kang semen gedene kok di asah, di dadekake dom kang cilik tus alus?”. Wong mau banjur wangulan, “Aku yakin musti bakal bisa klakon kanti waton aku ora bosen, ora ketang suwe mesti bakal bisa dadi dom paki iki. Awit sakabehing gegayuhan kudu kalambaran ati kang mantep, madep, sabar lan tlaten. Kanti iku yakin sakabehing gegayuhan lan panjongko mesti bakal kaleksanan. Tanpa kesabaran keantepan kang madep, gegayuh ora bisa bakal kelakon. Luwih-luwih yen manungsa, kang duwe panjongko durung kaleksanan wes bosen mandeg ing tengahing dedalan. Iku pratanda yen manungsa kang cupet budine, ora manteb tekade, nyulyani marang batine dewe. Yen ora mangkono, tetela yen manungsa mau wedi nadepi marang bebaya, utawa lumuh kangelan. Endi ana wong kepingin ngunduh marang gegayuhan kang ora sarana kangelan utawe ngadepi bebaya kang dadi pepalange”.
Joko mantingan kagugah semangate krungu wangsulane wong tuwa mangkono mau. Rumangsa entuk pasinaon kang larang banget regane. Deweke eling yen duwe gegayuhan, kepingin ngalahake si Joko, lan arep golek paguron. Joko mantingan banjur nemtokake yen wong mau wong kang pinter mula banjur sumungkem lan matur, “Duh kyai, tahu leres sedaya pangandika panjenengan. Panjenengan saged ngemutaken dumateng kawula. Pramila kyia menawi mboten keparengepun kawula bade suwita dumateng panjenengan. Kawula yakin kanti mantep mandep lan tekad ingkang gumolong. Benjang kulo bade dados tiyang ingkang sakti mandraguna, saged ngasaraken mengsah kawula”. Sakabehe lelakone di caritakake wiwit nganti pungkasan. Wong tuwa mau mesem lan banjur ngendika, “Ya – ya aku ngerti pabcen kuwe bodahkang lantip, aku uga ora arep nulak marang panjalukmu, nanging emane iki dina aku durung isih minangkani nompo kuwe dadi muridku, sebab aku isih ana jejibahan kang wigati kang Kudus dak rampungake luwih disik. Becik kuwe saiki meluo aku, mengko kowe dak tuduhake guru kang patut kok guroni, mengko yen aku wes rampung ngrampungake jeibahanku mau kowe dak parani, lan dadi muridku”. Joko mantingan manut opo kang di karepake wong tuwo mau, najur melu tut burine.
2.            Ana ing desa Karjasan (omahe pendekar Karjasa).
Nalika semono ing omahe pendekar Karjasa lagi ono rame-rame sebab pendekar Karjasa lagi tetandingan karo pendekar Kemrisik. Pekarane podo rebutan murid, endi kang menang bakal duwe murid kang akeh. Mangkono mau pancen wes dadi kalumrahan para pendekar, mula ora aneh nalika semana pendekar Kemrisik nglurug menyang Kerjasan. Nanging Karjasa pendekar kang wes tuwa lan akeh pengalaman dadi yo ora gampang dikalahake. Semono uga pendekar kemrisik wis wani nglurug mau mesti uga pendekar kang duwe kasekten. Mula tetandingane pendekar loro-lorone mau rame banget. Murid-murid pada sorak-sorak keplok-keplok, ngeploki gurune dewe-dewe. Bareng nganti sore ora ana kang menang lan kang kalah. Jagoan loro-lorone mau banjur pada ngaso lan pada nganakake pepetungan. Karjasa ngajak tetandingan yen wanci awan tok, ingkang bengi ngajak ngaso. Nanging Kemrisik emoh di ajak ngaso, najan ta weingi njaluk diterusake nganti entuk kerampungan nemtokake seng kalah lan sing menang. Karjasa puguh emoh, dasare tetandingan ing wanci bengi iku ora jujur. Mangkono banjur dadi padu, rebutan bener. Dumadakan wong tuwa kang nulungi Joko mantingan mau teko nyapih marang kang pada padudon. Pendekar loro-loro mau bareng weruh wong tuwa mau banjur pada sumungkem, ngaturake pangabekti nyuwun pangaksama. Ujari Karjasa, “Nyuwun sewu kanjeng Sunan Kalijogo bade kagungan kersa menapa panjenengan rawuh ing desa Karjasan”. Kemrisik uga matur, “Nyadung dedaka panjenengan kanjeng Sunan, kawula mboten mangertos bilih panjenengan rawuh”. Joko mantingan kang wiwit mau nderekake weruh lan krungu ujare wong loro mau domblong. Awit ora ngerti jebule sing di nderekake mau jebul Sunan Kalijogo, Joko mantingan banjur melu sumungkem lan nyuwun pangapura marang tumindake kang kuran susila. Sunan kali dawuh marang pendekar-pendekar mau, supaya aja pada rebutan murid. Ing sak banjure Joko mantingan di pasrahake marang pendekar-pendekar mau supaya dadi murid. Besuk yen wes rampung jejibahane Sunan Kalijogo arep marani Joko mantingan, mangkono mau terus pamitan lan nerusake lakune.
3.            Sunan kedu lagi ngajar ki yanas, awit ki yanas ngapusi Sunan kedu. Ki yanas saguh marang Sunan kedu, nuduhake panggone sumber penguripan, lan jaluk opah kang akeh banget. Opahe wes ditampani nanging ora gelem nuduhake panggonane sumber penguripan. Mula banjur di ajar dening Sunan kedu, malah arep di pateni. Rahayue si Joko teka tetulung, lan pitakon marang Sunan kedu, apa sebabe ki yanas arep di pateni. Sunan kedu nerangake sebab-sebabe. Joko kang selawase durung tau krungu bab sumber penguripan banjur pitakon, “Apa gunane Sunan kedu mbutuhake sumber penguripan?”. Sunan kedu ngandika, “Ki Joko sapa kang bisa entuk banyu sumber penguripan mau bakal dadi wong kang sakti tanpa meguru”. Joko pitakon maneh, “Yen nyata kaya mangkono, kena apa rama Sunan ora dawuh karo aku, ing mangka aku kepengen dadi wong kang sakti”. Sunan kedu gumuyu krungu pitakone Joko mau, “He Joko, ramamu Sunan emoh nuduhake sumber penguripan marang kowe, sebab ramamu sumelang yen nganti kowe dadi wong kang sakti. Awet sejatini kowe kuwi dudu anake dewe, nanging anake ungsuhe, ya kuwi Sunan Murya”. Si Joko ora percaya marang ngendikane Sunan kedu mau, Sunan kedu mau banjur carito, nyaritakake nalika lelakone ratu dwarawati ana desa plasa. Joko banjur percaya. Ki yanas banjur dipeksa, di kongkon nuduhake sumber penguripan, ngendikane, “Ki yanas saiki kowe kudu nuduhake sumber penguripan kang butuhake dudu Sunan kedu, nanging aku dewe. Awit aku kepengin adi wong kang sakti”. Ki yanas bade nolak mboten wonten mula banjur di tuduhake. Wong loro mau pada ngetutake ki yanas. Bareng wis pada bisa nemukake, atine pada cuwa, sebab sumur mau jero banget, ora bisa nyeduk banyune. Sunan kedu duwe panemu, ngandika, :Jaka bisane kowe nimba banyu penguripan saranane kuwe Kudus wani nyuwun ngampil pusakane ibumu ratu dwarawati, kang aran cinde ompyong. Jaka sasaguh tumunten budal dalem ibune.
4.            Ing Panti Kudus
Sunan ja’ffar sodiq lagi sapatemon karo ratu dwarawati kang di ngadikake, “Opo sebabe nganti seprene kanjeng ratu durung kersa atur leladi”. Wangsulane ratu dwarawati kersa ngladeni nanging mundut bebana, supaya di gawekake mesjid kang wewangunane lan ukir-ukirane kaya wewangunane gagrak mojopait. Sunan ja’ffar sodiq krungu wangsulane mengkono mau banjur nesu, ngandikane, ngambyang ambyang dakwa yen kanjeng ratu ora tresna. Werna-werna ngendikane nganti ngungkap-ngungkap tumindake ratu dwarawati nalika nyleweng wani andon asmoro karo Sunan Murya, nganti nurunake Joko. Ratu dwarawati uga banjur emoh ngalah, ature menika warna najan ta ature mau ora mapan. Temahan dadi padudon. ora suwe kesaru tekane Sunan puger. Sunan puger wau rayine ratu dwarawati, asal uga saka mojopait. Tekane ing Kudus durung suwe, wiwit jaka lahir. Sowane Sunan puger mau, lapuran yen meruhi ki yanas pasekton karo Sunan kedu, kang nguras sumber penguripan. Cetane sumber penguripan kuwi sejatini ora kok banyu bisa kanggo ngurepake wong mati kuwi ora. Sumber penguripan kuwi simpenane banda donya brana biyen duwike wong-wong budha, kang di rampas dening Sunan Kudus. Sunan Kudus banjur utusan nimbali ki yanas. Sakwise ki yanas ngadep di dukani, di ujar lan arep di pateni. Rahayune ki yanas bisa oncat, mlayu sipat kuping. Sunan Kudus nunuti Sunan puger uga melu nututi. Sak pungkure Sunan Kudus, jaka teka ngampil pusaka cinde dompyong. Sekabehe kang di tindakake pada di caritakake marang ibune. Ibune ya banjur ngendikake bab anane ki yanas kang lagi di ajar dening Sunan Kudus. Joko banjur benerake kandane Sunan kedu, nyata yen Sunan Kudus ora lilo yen nganti dewekne dadi wong kang sakti, buktine ki yanas di ajar lan arep di pateni. Jaka banjur enggal-enggal nututi sedyane arep nulungi ki yanas. Ing sak banjure ki yanas playune katutan Sunan Kudus, di candak arep di pateni. Dumadakan Joko teko. Sunan Kudus di terjang terus di ajar. Sunan Kudus bingung arep di lawan kwater yen ratu dwarawati nesu mula banjur mung narima ngalah. Ratu dwarawati teka weuh jaka mangkono mau banjur duka banget. Jaka di dukanesebab tumindake kebacut nganti wani ngajar Sunan Kudus. Joko asor budine, ibune dikatotake kesalahane Sunan Kudus, ujare menika warna, ibune uga di cempalani lan banjur di kunjara bebarengan karo Sunan Kudus.
Ing pinuju sawijineng dina jaka lagi lungguhan ijen ana ing srambi. Joko gagas kepriye anggone arep nguras sumber penguripan, dumadakan ana wong ngemis njaluk sedekah kanda yen lagi lelaku, kasatan lan kaluwen. Joko banjur utusan abdi maringi sega, marang wong ngemis mau. Anehe wong ngemis mau bareng wis nampani sega peparinge, ora di pangan nanging di tangisi. Joko gumun mula banjur pitakon opo sebabe segane kok ditangisi. Wong ngemis mau matur, “Kawula kemutan bapak tuwin simbah ingkang sampun pejah, iba rumenipun bapak tuwin simbah lan simbah tumut mangan sekul ingkang eca menika. Oo bapak ya gene kowe mati disek, aku rumongsa kapotongan kang gede aku cilik kok gedekake, bodo kok pinterake lan aku bisa urip sebab pada rumeksamu. Oo simbah kuwe kang ngandut aku sangang wulan sepuluh dina kowe kang nglahirake aku, kowe perang sabil paribasane. Sepe sembire kowe bisa tewas anggonmu nalika nglahirake aku. Oo simbah-simbah ya gene kowe mati disiki aku durung bisa males apa-apa marang kowe simbah”. Akeh-akeh ature wong ngemis mau, jaka krungu seambate wong ngemis mau banjur kagugah atine, rumangsa luput kang di tindakake. Wani karo rama lan ibune. Jaka banjur utusan marang abdine ngluwari rama lan ibune saka pakunjaran. Bareng wes metu banjur di tangisi, di jaluki pangapura.
Sunan Kudus lan ratu dwarawati gumun banget weruh patrape jaka kaya ngono mau. Banjur pitakon marang jaka, ya gene teka nganeh anehi lan opo sebabe banjur nyuwun pangapura. Jaka matur yen rumangsa luput kang gee banget lan kanda yen mentas wau, di elingake marang wong ngemis. Dumadakan wong ngemmis mau malih. Malih Sunan Kalijogo, paring dawuh mareng Joko, “Wis-wis jaka wis, ojo nangis aku matur nuwun marang kowe, kowe saiki wis eling, ngerti menyang kaluputanmu. Apa ta sebabe ramamu ora lilo yen sumber penguripan nganti di weruhi wong-wong sebabe sumber penguripan mono sisi donya brana, diyen donya branane wong-wong budha kang setiya marang negari mojopait. Mulane Sunan kedu pengen meruhi sumber penguripan awit sedyane Sunan kedu arep nguras banda-banda mau kanggo nyusun kekuwatan arep ngrangsang negara demak bintara lan numpes kabeh para ngulama”. Sak wise jaka ngerti mangkono banjur prasetya arep memungsuhi Sunan kedu. Sunan kalijaga ngendika maneh, “jaka kowe saiki wis eling lan bali menyang dalan kang bener, najan ta kowe dudu turase ramamu Sunan Kudus, nanging wiwit cilik kowe di gulo wentah dening ramamu Sunan. Mulae supaya kowe tansah eling jenengmu dak eleh dudu Joko rachmad nanging Joko sodiq”. Sunan banjur pamit kondur, sak pungkure Sunan kali dawuh marang santri-santrine, sumber panguripan supaya di tableg. Tablege mung karo bata sak blebar wis bisa katableg. Supaya aja nganti kacidro dening Sunan kedu, ing duwure tablegan mau di yayasani menara, besok kanggo menarane mesjid yen mesjide wis dadi.
5.            Ing Sanggar Dalem (sanggar kagem semedi) (ingsak derengipoun mesjid dados ingkang wonten sanggar papan wau kangge semedi).
Sunan Kudus dateng ing sanggar dalem kaderekaken ratu dwarawati, ingkang perlunipun bade minangkani panyuwuning ratu dwarawati kados wewangunan ing jaman Mojopait. Dawuhipun Sunan Kudus dumateng ratu dwarawati, “Ratu aku arep bisa gawe mesjid kang gagrak wewangunane lan ukir-ukirane kaya wewangunane ing jaman Mojopait. Tindaku mung sarono semedi, ojo nganti ono wong kang wani mlebu ing sanggar, mundak ganggu anggonku semedi”. Ratu dwarawati ngestokake dawuhipun Sunan Kudus. Mboten antawis dangu, si Joko dateng mundur pirsa wonten pundi ramanipun, Sunan Kudus bade tindak dateng pundi.
Ratu dwarawati ngandikaken menawi Sunan Kudus nembe tindak dateng mekah kanti ulah semedi. Mireng dawuh pangandikanipun ikang ibu makaten wau si Joko sanget kepingin mangertos kados pundi patrapipun Sunan Kudus anggenipun semedi. Pramila aturipun dumateng ingkang ibu, bilih sagah jagi ramanipun anggenipun semedi ing sanggar dalem. Ratu dwarawati kondur ingkang jagi gantos si Joko. Nanging sareng ingkang ibu sampun kondur, si Joko lajeng kanti ngatos-ngatos mlebet ing lebetipun sanggar. Ing mriku si Joko pirsa ingkang rama nembe olah semedi. Joko tumunten, tumut semedi ing sak wingkingipun ingkang rama. Dilalah kersaning gusti ingkang maha kuasa, Sunan Kudus saged musna sak raganipun. Si Joko inggih katut musna ing sak lajengipun Sunan Kudus dumugi negari mojopait jumujug ing papan petilasan kraton mojopait. Kersanipun Sunan Kudus wau madosi pangubadahipun tiyang-tiyang Mojopait nalika semanten. Dumadakan tanpa sangkan paran, Sunan Kudus kaget awit tindakipun wau dipun adang kaliyan jineman ingkang jagi kraton wau. Jineman wau naminipun ki pancawati. Sunan Kudus meksa bade mlebet kraton, ngantos dados pasulayan, sareng ki Pancawati dipun tempiling sirahipun gloyoran dawah. Lajeng dipun gelut, dangu Ki Pancawati kenging dipun tlikung mboten saged bonggo, narimah kalah. Sunan Kudus ingkang mboten nyana babar pisan bilih Joko ugi nderekaken, pramila lajeng takon ngendikanipun, “He Jokokowe kok bisa teka ana ing kene iki mau kepriye?”. Joko matur bilih nderekake semedi wonten king sanggar dalem, kanti mboten dipun mangertosi, jebul saged katut musna nderekaken panjenengan dateng mriki. Ing sak lajengipun Sunan Kudus mundut pirsa dateng ki pancawati, ing pundi papan ngibadahipun tiyang-tiyang Mojopait. Ki pancawati matur bilih un sampun boten wonten awet nalika negari mojopait kawon prang kaliyan para ngualam, papan ngibadahipun dipun risaki. Sunan Kudus cuwa sanget penggalihipun awet mboten saged minangkani panyuwunipun ratu dwarawati. Joko lajeng matur, “Rama menawi papan ngibadadipun mboten wonten prayoginipun gapuranipun kemawon kaboyong dateng Kudus. Bok menawi kanti gapura menika kemawon ibu ratu sampun kersa saha rena ing penggalih”. Sunan Kudus lajeng ngandika, “Jaka beciki sing boyongi gapurane kowe, awit iku pamundute ibumu”. Joko tumunten wangsuli, “Rama menawi kulo mboten saged boyongi gapura ingkang semanten agengipun menika, nanging menawi rama Sunan ingkang boyongi kawula yakin mesti saged”. Sunan Kudus rumaos dipun ukur-ukur kasudyanipun dening Joko, pramila Sunan Kudus lajeng ngandika, “He Joko bener banget kandamu, mula tonton ya, gapura iki bakal dak boyongi menyangan Kudus”. Sunan Kudus lajeng ngedalaken serbet batik, gapura sapeturang Mojopait kalih-kalihipun dipun buntel serbet lajeng dipun cangkung. Jaka gumun sanget, ki pancawati lajeng matur, “kanjeng Sunan menawi gapura menika dipun boyongi dateng Kudus, kepareng kawula nderek dateng Kudus, suwita dateng ngarso panjenengan awiting kawula ajrih, bilih ing sak wanci-wanci sinuwun brawijaya kerjabumi pirsa, bilih gapuranipun mboten wonten kawulo temtu dipun patrapi pidana pejah”. Sunan Kudus melas dateng ki pancawati, ngandikanipun, “Ki pancawati kowe dak tampa dadi kawulaku lan bakal dok patah dadi jineman uga haga gapura iki lan mesjid Kudus kang durung dadi, kanti waton kuwe bisa ngetutake lakuku”. Ngaten mau Sunan Kudus nyangking serbet saha gendong Joko trus musna. Ki pancawati menika ugi sakti lajeng nututi kanti semedi lajeng musna.
Gampiling cariyos gapura sampun dumugi ing Kudus dipun papanake ing ngajengipun menara Kudus. Ratu dwarawati dipun dawuhi niti priksa. Ratu dwarawati persa dumateng ki pancawati lajeng dipun dangu, “ki pancawati arep apa kowe kok teko ing kene?”. Ki pancawati matur bilih sampun wonten keparingipun Sunan Kudus sadoyo lelampahanipun diun aturaken. ‘Yen mengkono iki gapura Mojopait dudu gapura saka mekah?”
“Nyuwun inggih mekaten kanjeng ratu”, aturipun ki pancawati
Sunan Kudus rumangsa kasenggal penggalihipun pramila lajeng sumalonong ngandika, “Ratu, gapura iki panyuwunane anakmu, si Joko. Sebab jaka nderekake aku”. Ratu dwarawati banjur nglengana dateng kalepatanipun, anggenipun mboten ngestokaken jagi sanggar dalem. Pramila lajeng nyuwun pangaksami dumateng Sunan Kudus (ki pancawati menika ngantos sapriki dados juru kunci ing pesareyan ingkang wonten ing mesjid Kudus. Nanging sampun dados badan alas. Pramila menawi nyekar ziarah ing makam, kedah nyuwun palelah utawi atur salam dateng ki pancawati). Mboten antawis dangu, Joko mantingan sowan matur bilih dipun utus Sunan Murya ngaturaken pisungsung kanggi mangayu bagya adeipun gapura ing Kudus, arupi sekul kaleh tempilang, lawuhipun pecelan ulam lele (tempelang menika wungkusan, dados kalih wungkus). Sunan Kudus rumaos kanyonyak manahipun, awit nyumbang kok mung kalih tempelang. Joko mantingan, Sunan Murya banget anggone ngina marang aku. Opo Sunan Kudus wis mlarat. Sega rong tempelang iki kanggo opo?. Joko mantingan ajrih sangat, wangsulanipun ngatos-atos sanget, “Kanjeng Sunan kawulo namung sadermo dipun utus, ngendikaniun Sunan Murya, najan ta namung semanten nanging saged mura kabehi kangge wilujengan”. Sunan Kudus sangsaya muntap nesunipun. Sekulipun wau lajeng dipun bucal sumebar, ulaminipun dawuh ing lepen gelis, pecelan ulam lele wau saged gesang meleh. Sekulipun di angge rebatan tiyang-tiyang ingkang sami wonten ing mriku. Sunan Kudus dangu dateng tiyang-tiyang ingkang rebatan sekul, “He seo m,ung semono wae kok anggo rebutan, opo kuwe ora bisa golek pangan?”. Wangsulipun tiyang-tiyang wau, “Kanjeng Sunan anggenipun tiyang-tiyang sami ngrebat sekul menika namung mamrih supados pikantok berka lan wilujeng. Awit dawuhipun kanjeng Sunan Murya kagem wilujengan (ngantos sapriki pendak-pendak sasi sura, kaleres buka luwur ing mesjid Kudus, sami ngrebat sekul ingkang kangge wilujengan. Karakipun dipun simpen, manut ing kapitayanipun saged berkahi wilujeng) (Ngantos sapriki ulam lele ing lepen gelis, ulamipun eca-eca awet sampung mambu bumbunipun Sunan Murya}
Jok ingkang wiwit naliko ing petajen sampun dados mengsahipun Joko mantingan pramila lajeng muntap nesunipun. Joko mantingan dipun terjang, dipun tendang. Rahayunipun Joko mantingan prayitno saged ngendani menawi mboten temtu nemani tewas. Joko mantingan rehning mboten pados sulaya pramila lajeng ngocati. Joko nututingoyak jaka mantingan. Sak pengkeripun Joko murid Sunan Kudus ingkang nami ki al mochtar sowan, nyowanake tamu cino kaleh, nainipun the ling siang tuwin ge ling siang. Cina kekalih wau nyuwun dumateng Sunan Kudus supados dipun tampi ing Kudus dados tukang ngukir. Ing sareh ning Sunan Kudus bade yasa mesjid, kagem minangkani pamundutipun ratu dwarawati parmila lajeng dipun cobi kesagedanipun ngukir mbok menawi saged nuju prana dateng penggalihipun ratu dwarawati. Ngandika Sunan Kudus, “sedulur cobo kowe gawe conto ukir apa candi, mbok menawa garwa ku rena penggalihe weruh ukiranmu”. Ge ling siang pitaken, “ingkang dipun kersakaken damel candi menapa?”. Sunan Kudus wangsulanipun, “wis ta gawe singa-singa candi wong mung kanggo conto wae”. Ge ling siang tumunten damel candi singa sae sanget, sareng sampun dados dipun aturaken Sunan Kudus. Ratu dwarawati sareng mirsani candi singa wau, ajrih sanget awit pepetanipun kados singo saestu, awit saking ajrihipun ngantos jeleh-jeleh. Sunan Kudus pirsa makaten wau candinipun lajeng dipun bucal. Ge ling siang tumtunipun mboten narimah, lajeng pitaken saged dipun tampi menapa mboten contonipun wau.
Sunan Kudus duka sanget, ge ling siang dipun dukani dipun wastani sangaja damel ajrihipun ratu dawarawati. Ge ling siang ingkang niyatipun sae, mboten pados sulaya. Lajeng kesah nanging kesahipun wau mboten pamitan. Sunan Kudus sang saya muntap dukanipun cina kekalih wau dipun sawat tekenipun. Cina wau sumerep yen dipun sawat teken lajeng mlajeng. Anehipun teken wau saged ngoyak cina kalih wau. Teken dawuh dados barongan pring ingkang ketel sanget erinipun nyocagi cina kekaleh. Ing mriku dados dusun pring sewu. Dawahing candi ingkang dipun bucal wau dados dusun singa candi. Cina kekalih wau lajeng budidaya medal saking barongan pring wau. Awakipun tatu arang kranjang kengingeri. Lampahipun cina kekalih wau sempoyongan, awit badanipun kraos sakit. Ambeganipun krenggosan meh mboten kuwat glawat. Dumadakan sumerep wonten sumur, cina kekalih wau lajeng nyaketi sumur ingujup bade ngumbe. Nanging rehning saketipun sang saya nemen, awit saking mboten kiyatipun lajeng semaput. Rahayunipun jaka sumerep lajeng dipun tulungi dipun umbeni toyo sumur. Dangu-dangu emut lan waras, badanipun kiyat maleh. Sumur wau dipun wastani sumur tulak.
Sak sampunipun Joko mangertos bilih cina kekalih wau boten lepat, lajeng kairid malih dateng panti Kudus. Joko dunungaken lenggahing prakawis tuhunipun ingkang lepat, ibu saha ramanipun Sunan Kudus. Pramila ge ling siang damel candi pepetan singa wau awit dawuhipun Sunan Kudus supados damela singa-singa candi ingkang dipun kersakaken sak-sake candi. Nanging pangertosanipun ge ling siang kapurih damel candi pepetanipun singa. Sunan Kudus sak sampunipun dumunung dateng kalepatanipun lajeng dawuhipun dateng cina kekalih wau, “Iya wis sedulur kowe dak tanpa dadi tukangku”. Ratu dwarawati matur dumateng Sunan Kudus, “Nuwun sewu kanjeng Sunan, ojo kesusu cina loro kuwi di tampa pasuwitane, aku bakal duwe pamundut, yen cina loro kuwi bisa gawe mesjid kang sewengi bisa dadi aku gelem nampa dadi tukanghku”. Sunan Kudus semunipun melas dateng cina kekalih wau, pramila lajeng paring dawuh dateng muridipun ki al mochtar lan kancanipun supados tumut ngrencangi anggenipun damel mesjid.
Cina kekalih wau prihatin sanget awit tuhunipun piyambakipun mboten saged damel mesjid supados dados. Ki almochtar lajeng wicantun, “sedulur ora kowe dewe sing prihatin, najan aku ya melu susah, awit sing diutus ora mung kowe, nanging aku  uga melu di utus ngrewangi kowe. Mulo ayo saiki podo di tandangi kanti nyenyuwun marang pangawane gusti kang maha agung”.
Ratu dwarawati wau pirsa patrapipun ki almochtar tuwin cina kekaih wau, sumelang manahipun menawi panyuwunipun sami diun kabulaken dateng gusti kang maha kwasa. Pramila lajeng utusan dumateng nyai mlati supados dawuh dumateng tiyang kampung, ganggu dateng ingkang sami muja semedi. Tiyang-tiyang kampung keparih kotekan nyapu latar ngeculaken satu ewenipun nyumedi damar, kados patrapipun tiyang-tiyang makarya, menawi sampun bingung raine. Saestu sareng mesjid kapuja meh dados dumadakan ingkang semedi sami jugar awit mireng tiyang-tiyang sami kotekan. Ingkang sami semedi lajeng nesu sanget dateng tiyang-tiyang kampung wau. Tiyang-tiyang wau sami dipun balangi sela lan umpaking mesjid, ngantos mesjid ingkang meh dadfos wau bubar mboten dados mesjid. Dipun namakaken mesjid bubar.
Sunan Kudus rawuh pirsa kedadosan makaten wau tumut cuwa manahaipun, pramila lajeng paring upata dateng tiyang-tiyang kampung, ngandikanipun, “He bocah-bocah wadon, kowe ora pati-pati payu omah yen durung podo dadi prawan tuwa” (ngantos sapriki, ing Kudus kulon katah prawanipun tua). Kampung ingkang dipun semedi damar pating klencar dados dusun damaran. Awit anggenipun ganggu tiyang-tiyang kampung kabecek, dening ingkang sami semedi dados dusun belekan.
Ing sak lajengipun wonten rawuhipun Sunan Bonan ingkang diun derekaken Sunan Murya kaliyan Joko mantingan ingkang bekto kajeng jati ingkang agembol putih. Ngandikanipun Sunan Bonan dumateng Sunan Kudus, sak sampunipun bagi binagi, saha dipun acarani lenggah, “Sunan Kudus aku krungu yen kowe arep yasa mesjid kanggo minangkani panyuwuni ratu dwarawati”. Wangsulanipun Sunan Kudus, “inggih kanjeng Sunan, nanging panyuwunipun menika angel sanget”. Sadoyo panyuwunipun kanjeng ratu dipun aturaken dumateng Sunan Bonan. Lajeng Sunan Bonan ngandika malih, “Sunan Kudus, sejatine ora ana barang kang angel yen ta kok tandangi kanti bebarengan sak kanca rewangmu, kanti dasar gotong royong guyup lan rerukunan. Iki Sunan Murya lan muride Joko mantingan saguh arep melu sak biyantu marang kabutuhanmu. Malah wis gawa pisungsung kayu jati kang mawa gembol putih. Kayu mau, kanggo anelakoke yen Sunan Murya tuhune kanti di kang resik lan suci arep sak biyantu marang kowe. Ceritane kayu jati iku maknane sehatine Sunan Murya gembol putih iku tegese gemebalane penggalihe suci. Ora kepengen ngajak pasulayan, temen-temen arip ngajak bedani karo kowe, mula becike saiki rukuna, ayo mesjid di tandangi bebarengan”.
Sunan Bonan lajeng pitaken dateng cina kekalih, “lha iki sapa lan ana keperluan apa?”. The ling siang, maturbilih pendamelanipun tukang ukir lan kepengen tumut ngrencangi anggenipu Sunan Kudus bade yasa mesjid. Sunan Bonan tumunten dawuh dateng the ling siang, “sadulur coba sira gaweo ukir-ukiran, iki ana kendi, coba kendi ikir ukiren”. The ling siang lajeng wiwiti ngukir kendi, ingkang dipun ukir ingkang dipun tatah menika jawining kendi, ingkang wonten ukir-ukirananipun lebeting kendi. Jawinipun mboten wonten tabetipun menopo-menopo. Sadoyo sami kagum lan gumun dateng kasagedanipun the ling siang wau. Gagrag ukiranipun ukiran sakig negari siyem, pramila kendi wau dipun namakaken kendi siyem. (kasiyatanipun kendi siyem wau toyanipun kejawi eca seger, toyanipun kenging kangge nyumpahi tiyang, upaminipun wonten tiyang nyolong boten ngaku dipun wenehi toyaniun kendi siyem lajeng busung, sak menika kendi wau dumunung ing klenteng demak). Ing sak lajengipun lajeng sami rembagan nemtokaken rancangan anggenipun sami damel mesjid. Ingkang dipun patah damel gambar polanipun mesjid Sunan Murya. Tukangipun kayu kapasrahaken ki almochtar ingkang dipun tandangi kaliyan kanca-kancanipun tukang-tukang (tukang Rojomolo). Tukang wau dipun papanaken ing ngandaping wit bendo, dipun namakaken dusun bendo tukang. The ling siang tuwin ge ling siang ingkang damel ukir-ukiranipun.
6.            Gampiling cariyos mesjid sampun dados mapanipun ing sisi kidul wetanipun menara. Ratu dwarawati dipun dawuhi niti priksa mesjidipun wau. Saestu saged nuju prana ing penggalihipun. Sunan Bonan ngandika, “mesjid iki kok memper mesjid Murya”. Sunan Murya matur, “ingging awit kawulo ingkang damel polanipun, pramila dadosipun mesjid kados mesjid ing kaSunan Murya”. The ling siang, ge ling siang sami matur, “menahi mboten kawulo ingkang damel ukir-ukiranipun mboten saged dados mesjid lan mboten saged junu prana penggalihipun kanjeng ratu”.
Ki almochtar sumalonang nyambung, “najan ta bade wonten polanipun, ukir-ukiranipun mboten saged rampung, mesjid menika menawi mboten dipun tandangi tukang-tukang kulo”. Makaten wau sami dados padudon, rebutan sami-sami wonten lelabuhanipun. Rahayunipun Sunan Bonan lajeng enggal-enggal saged nyapih ingkang sami padudon. sadoyo saged kareksa, ngantos sirep ingkang sami paduson. Mesjid wau dipun namakaken mesjid padureksa. Inggih dipu wastani mesjid tuwa, mesjid ingkang sepisanan wonten ing Kudus.
Sak sampunipun lajeng sami medal saking mesjid, dumadakan Sunan-Sunan saha para ngulama sami kaget lan gumun. Awit Sunan Murya bingung madosi gamparanipun awit ing mriku wonten gamparan tigang pasang, kembar wangunipun saha ciri-cirinipun tuwin ukiranipun. Gamparan-gamparan wau kagunganipun Sunan Murya, Sunan Bonan, saha Sunan Kudus. Sunan tetiganipun sami bingung nitik gamparanipun piyambak-piyambak. Wusana Sunan Kudus lajeng ngeningaken cipta sak watawes lajeng gamparan tetigang pasang wau kapundut sadoyo. Sepanag dipun paringake Sunan Murya, sepasang dipun aturaken Sunan Bonan, ingkang sepasang dipun agem piyambak. Makaten wau saged trep mboten klitu pamilihipun. Dumadakan ge ling siang lajeng sungkem dateng Sunan Kudus, aturipun, “kanjeng Sunan nyadong deduka panjenengan, kulo ingkang ngowahi ciri saha wangenipun gamparan, kulo owahi supados sami rupinipun kembar mboten wonten bedanipun. Ewo semana samanten panjenengan saged nilik kanti trep lan mboten klintu, pramilo tuhu, sekti saha waskita sanget panjenengan. Keparengo kulo kepengin dados murid panjenengan”. “yo yo ge ling siang lan kowe the ling siang wiwit dina iki kowe dadi siswaku”, mekaten ngandikanipun Sunan Kudus. The ling siang pitaken bab gamparan teka wangunipun kados paran saking negari cina. Sunan Bonan ingkang magsuli, “weruh anika, pancen bener gamparan iku asale saka saudagar Dampu Awang naliko pada sarasehan ana ing mesjid demak bintara. Sunan-Sunan mau agemane cripu. Dampu awang kanda jare kuwi kurang sampurna lan ora suci. Awit cripu mono kang di gawe saka walung lange kewan. Ing naliko uripe kewan-kewan mau podo dialap gawene dening manungsa. Malah iwake ya di pangan dening manungsa, teka nganti mati walulange isih podo di gunakake. Ora sucine walulang kuwi yen kena banyu bisa angganda. Mangkono panemu dampo awang. Sunan-Sunan banjur podo diwenehi gamparan, mulane gamparan mau ciri lan wangune kaya gamparan cina”.
Boten dangu wonten sowanipun Sunan puger, matur bilih ing ngandapipun menara wonten swanten ingkang nyalawadi, kados dene swantenipun tiyang ingkang nembe ngayahi pendamelan ingkang awrat. Joko ingkang ugi wonten ing mriku lajeng sumalonang matur, “Rama Sunan ing ngandaping menara menika wonten sumber penguripan, kula kwatos menawi tiyang ingkang sengaja bade nyidra bondo-bondo ingkang wonten ing mriku.”. Sunan Kudus lajeng utusan dateng jaka niti preksa ing menara. Jaka tumunten nyuwun pamit lajeng kesah, sadayanipun lajeng sami bibaran.
7.            Saestu jaka sampun priksa menara, kados ingkang dipun aturaken Sunan puger, wonten swanten ingkang nyalawadi. Pramila lajeng tuwin raos sujana dateng Sunan kedu, ingkang wiwit rumiyen tansah kepengen nguras banda-banda ingkang wonten sak lebeting sumber penguripan. Joko lajeng nylidiki dateng gribig, Joko sumerep wonten lare-lare estri sami ngangsu ing sendang. Joko lajeng nyaketi pitaken, “he bocah-bocah wadon apa ora ana sumur, lilo kowe pada ngangsu banyu sendang”. Wangsulanipun lare-lare istri, bilih wonten sumur, nanging toyanipun mboten eca ambunipun banger, pramila sami remen ngangsu toya sendang. Joko kepengen buktekaken sumur ingkang toyanipun banger wau, pramila sak sampunipun dipun tedahaken panggenanipun lajeng gegancangan murugi papanipun sumur. Wancinipun sampun surup surya, Joko sumerep bilih sumur wau wonten ingkang jagi, pramila jaka lajeng ngatos-ngatos sanget. Piyambakipun lajeng umpetan nanging tansah maspadakaken sumur ingkang dipun anggep nyalawadi. Saestu ing wanci dalunipun sumur wau kedatengan tiyang katah-katah. Tiyang-tiyang wau sami jegur ing sumur mboten antawis dangu tiyang wau sami jumedul kaliyan ngusungi peti lan buntelan katah sanget. Jaka lajeng wangsul dateng panti Kudus, ing sak lajengipun ngerigaken para siswa, gropyok sumur wau. Tiyang-tiyang wau, tiyang-tiyangipun Sunan kedu, sami ngusungi benda-benda sumber penguripan ingkang dipun lan dak dipun guwa nrobos saking sumur wau. Temahan dados perang ingkang kawon Sunan kedu. Sumur wau lajeng dipun bendung kajagi siswa-siswa Kudus. Sumur wau dipun wastani sumur bendung.
8.            Ing Demak Bintara
Sunan kedu sowan dateng kepatihan demak bintara manggihi ki patih wonosalam. Ing mriku Sunan kedu matur dumateng patih wonosalam, bilih Sunan Kudus bade ngrangsang negari demak bintara. Dasaripun sepisan nglempakaken benda-benda ingkang sipun dumunungaken ing sumber penguripan. Kaping kalihipun sampun nggalang kekiyatan, datengaken senopati asal usulipin saking Mojopait. Naminipun Sunan puger, kejawi menika ratu dwarawati nyuwun bebana, purun ngladosi Sunan Kudus menawi Sunan Kudus saged dados narendra. Aturipun Sunan kedu wau, ki patih wonosalam percados awet dasaripun sampun sujana kaliyan Sunan Kudus wiwit nalika wonten perampogan ing gedong pusaka demak bintara kala rumiyin menika. Pramila sak rampungipun Sunan kedu nyuwun pamit manahipun remen sanget, awit ing Kudus temtu bade tuwuh peperangan kaliyan prajurit demak.
9.            Gantos nyariyosake ing panti Kudus. Sunan Kudus nglempakaken tiyang-tiyang kados ta ki almochtar, ki yanas, the ling siang, ge ling siang, ki pancawati, Sunan puger tuwin Joko mboten kantun, perlunipun sami rembagan kados pundi anggenipun bade mengsahi Sunan kedu. Ki yanas matur, kagem dadakan ing Kudus dipun wontenaken kerameyan adona-adon sawung. Pepetanganipun ki yanas Sunan kedu bade tumut medali, mangke menawi saestu makaten, Sunan kedu dipun tantang adu jago. Mawi totohan bondo-bondo ing gribig kaliyan Kudus. Ki yanas saguh dados botohipun saha nemtokaket saged mimpang. Aturipun ki yanas wau saged parujuki pramila lajeng dipun tindakaken.
Alasanipun kangge mengeti adegipun mesjid padureksa ing kados dipun wontenaken kerameyan saha andon-andon sawung. Kalanganipun dumunung ing ara-ara sak kidulipun dusun gribig. (sak menika ing dusun prambatan, kidul pasar Kudus ingkang wonten kilen jember utawi bekas pabrik rokok cap gunung, ing ngandap wit ploso).
10.        Adon-adon sawung sampung dipun wiwiti katah para botoh-botoh ingkang sami dateng. Sawung saking bakaran (juwana), saking demak ugi wonten. Cekakipun katah sawung-sawung saking pundi-pundi dusun. Sawung-sawung wau ingkang paling dipun ajrihi namung sawung saking dusun mayong. Sawungipun sae tur prakoso, botohipun pinter-pinter. Katah sawung-sawung ingkang sami di kawonaken dening sawung yamong. Saestu Sunan kedu ugi medali ing kalangan, lajeng dipun tantang kaliyan jaka. Totohanipun banda, Sunan kedu boten purun. Panjalukipun totohanipun panguwasa, menawi sawungipun Joko kawon, Sunan Kudus kedah manungkul kaliyan piyambakipun. Makaten kosok wangsulanipun menawi sawungipun Sunan kedu ingkang kawon saguh dados andahanipun Sunan Kudus, dipun menapa-menapakaken purun. Saestu dados lan klampahan jago sami dipun aben. Botohipun Joko ki yanas piyambak. Remen mboten jamak, sorak sami mawarahan, botoh-borohipun sami iwut ngabotohaken. Rame sami nyoraki sawungipun. Pungkasanipun sawungipun jaka kejalu ngantos pejah, surak rame mawaruhan, kados hebol-jebolaken jagad. Joko kewirangan lajeng sujana kliyan ki yanas, awit ki yanas rumiyin nate pasekalon kaliyan Sunan kedu, saged ugi sawunganipun dipun kiyanati piyambak dening ki yanas. Pramila ki yanas lajeng dipun ajar, ki yanas mlajeng dening ngantos dumugi ing bunuk gong, ki yanas di pun pejahi. (ing mriku wonten pesarenanipun ki yanas ing ngandap wit randuwono, dumunungipun isih kidul dusun gribig).
Sunan Kudus ngedah ing kalangan sawungipun dipun aben kaliyan sawungipun Sunan kedu. Alasanipun totohanipun kangge nebusi kakalahanipun si jok. Saestu sawung sami tarung, tiyang sami kagem dateng tarunganipun sawung kaleh-kalehipun, sami saenipun sami kejalu, mboten wonten ingkang asor ugi mboten ingkang unggul. Srengenge sampun glewang mengilen, wancinipun meh sonten. Ewo samanten sawungipun dereng wonten ingkang purun kawon. Dumadakan sawungipun Sunan kedu malih gamparan nladungi sawungipun Sunan Kudus. Dangu-dangu sawungipun Sunan Kudus lajeng maleh ganden, ganteni gamparan. Dados ingkang tarung maleh gamparan kaliyan ganden. Tiyang-tiyang sami gumun sanget semanten kasudebyanipun Sunan kekalihipun. Dangu-dangu gamparanipun remuk dipun gandeni. Sunan kedu ingkang kawon lajeng mlajeng. Joko nututi, Sunan kedu numpak tampah saged mabur ing gegana. Jaka lajeng menek menara tampahipun dipun tamani ceeti guntur lawe, kobong. Sunan kedu pirsa bilih tmapahipun kobong, lajeng anguk-anguk. Dawahipun tampah, dusunipun dipun namakaken dungun nganguk wali. Sunan kedu wilujeng boten menopo-menopo, lajeng mlajeng mangetan purugipun. Jaka wangsul manggihi ingkang rama. Dumadakan ing panti Kudus wonten laporan biling ing wetan lepen kali gelis wonten kobongan. Sunan puger ingkang dipun utus nayemaken. Sunan puger sampun sumugi ing papan ingkang kobongan, dumadakan dados perang. Sunan puger awit mboten sumadyiyo ing peprangan pramila lajeng kateteran puritipun. Sunan puger dumadakan kasrimpet langinipun tanduran waluh ngantos dawah, lajeng kakrocok gamanipun mengsah pejah tatunipun arang kranjang (papan ingkang kangge ngepung Sunan puger wau dipun namakaken dusun demakan awit papan pakuwonipun prajurit demak.
Ratu dwarawati mireng bilih adinipun gugur, lajeng duka sanget. Lajeng pareng ipat-ipat selaminipun tiyang-tiyang ing demakan mboten pikantuk nenem wit waluh. Ing sak lajengipun ratu dwarawati gugat dateng demak bintara, nyuwun pangadilan dateng sultan akbar alfatah. Menapa sebabipun Kudus dipun perangi dening prajurit-prajurit demak. Dumugi semanten rumiyen cariyas adegipun mesjid Kudus dipun pungkasi.


Garno



Aturipun penulis



Nuwun sewu perlu kawula matur kengingi bab cariyos menika tuhunipun cariyos adeging mesjid Kudus, menika penulis mboten kajarag, mboten kanyana nyana babar pisan pikantuk tuwin ngarang cariyos menika. Babonipun cariyos menika penulis dipun dongengi bapak R. Bunyamin Santoso, dalemipun ing dusun chajen, kecamatan margoyoso, kawedanan tayu kabupaten pati. Nalika tanggal kaping 10 wulan 12 tahun 1975, kaleres ketoprak siswao budaya main ing kuta Kudus. Naliko semanten penulis dipun punduti cariyos daerah dening bapak Ki Siswondu Hs, sesepuhipun ketoprak siswa budaya, bade kapentasaken ing paguyubanipun. Penulis lajeng sowan dateng bapak R. Bunyamin santoso wau, pikantuk dedongengan saking panjenenganipun bapak R. Bunyamin santoso wau kagungan buku ingkang sampun sepuh. Irah-irahipun buku mboten ceto awet sampun risak cap-capanipun. Namung wonten seratanipun ingkang saged kawaos siswa Sunan kali jogo ing kadilangu. Isinipun buku wau wonten dedongengan ingkang nyariyosaken adegipun mesjid Kudus. Dongen wau lajeng dipun otak atik dening penulis dipun gotak gatukaken kagem menaken kaliyan dongengiun para sepuh ing kuta Kudus. Ingkang nyariyosaken wontenipun mbok Joko putra Sunan Kudus, menika pangenganipun bapak modin prambatan, duka asmanipun penulis kasupen awet nalika semanten mboten dipun catet.
Pramila saking menika penulis nyuwun pangaksama bilih wonten klinta klintunipun awet penulis namung sagedipun kados makaten. Langkung-langkung ngengini ing pangraketing sastranipun penulis rumaos sanget kacingkrangan awit tuhunipun penulis sanes ahli kasusastran. Namung panyuwunipun penulis mugiyo dongen menika saged kengingage ancer-ancer kados makaten. Bebukanipun wontenipun cariyos adeging mesjid Kudus.
Wana namung semanten aturipun penulis
Amien

Katulis ing kuta Blitar
Nalika tanggal 20 mei 1977. dirampungaken
ing tanggal 12 juni 1977 ing kota kalangbret Tulung agung

R Koenardi

1 komentar:

  1. wow....baru kali ini q membaca sejarah kudus versi lain, keren banget..perlu di ekspose lagi.

    BalasHapus